DHANDHANGGULA
01.
Pamedharing sarananing manis, manising tembung kalawan tembang,
nembungi sastra campure, Arab lan Jawinipun, Kalihipun tan kenging
nyilib, Lumampah sakalihnya, cinupet tan purun, yen pisah salah
satunggal, asring gagal ngicalken udanagari, Nagara iku rosa.
Penguraiannya dengan cara manis,
manisnya kata-kata dengan nyanyian, menguntai kata indah campurannya,
Arab dengan Jawanya, keduanya tidak boleh dipisah, berjalan keduanya,
dipenggal tidak mau, kalau terpisah salah satunya, sering gagal
menghilangkan aturan negara, Negara itu kuat.
02.
Kuwating nagara gegirisi, kuwating sarak sabab rumeksa, ngreksa kukum
sakabehe, pramila kuwat kukuh, angukuhi prakareng bumi, yen mangkono ta
padha, wedia ing kukum, matrapna yudanagara, yen atemu ing karone dadi
becik, becik slamet raharja.
Kuatnya negara itu menakutkan,
kuatnya hukum sebab dijaga, menjaga hukum semua, maka kuat sentosa,
membela permasalahan di dunia, kalau demikian itu hendaklah, takut
kepada hukum, terapkanlah aturan negara, jika keduanya bertemu menjadi
baik, baik selamat dan sejahtera.
03.
Pan puniki karsane kang nganggit, sarjuning tyas susanta ngumala,
nglepasken panggraitane, graitane wong punggung, anggung gawe
anggunggung dhiri, dhirinira keweran, tan weruh pangawruh, warah wuruk
pan tinerak, nerak sarak nora wurung keneng sarik, rusuh rusak kasrakat.
Memang inilah yang dikehendaki
yang mengarang, senangnya hati suci bercahaya, mengeluarkan
perasaannya/pikirannya, pikirannya orang bodoh, hanya berbuat
kesombongan diri, diri sendiri saja kebingungan, tidak mengetahui
pengetahuan, ajaran dan nasihat dilanggar, melanggar hukum akhirnya
terkena bencana, kacau rusak terlunta-lunta.
04.
Sakarepe kisruh ngrusak ati, ati tiwas ing pati tan awas, yekti kathah
ing was-wase, wuwusen sujanma yu, kang rahayu yuwaneng budi, tumindak
ing dedalan, dalan kang mrih luhur, luhuring tyas sabar drana, dananira
iklasna kalbu kang suci, dimen mancur tyasira.
Sekehendaknya kacau merusak hati,
hati tidak waspada menghadapi kematian tidak mengetahui, sungguh banyak
kekhawatirannya, diceritakan orang yang baik, yang selamat dan tulus
hatinya, bertindak di jalan, jalan yang menuju keluhuran, luhurnya hati
sabar pemberi, pemberiannya ikhlas di kalbu yang suci, agar terang
bercahaya hatinya.
05.
Mancuring ati iku nyumuki, marang sakabehe badanira, sumrambah
kabecikane, cupet cilakanipun, suka sukur ingkang pinanggih, uga manggih
kagungan, sinebut wong agung, anggenggeng santosanira, rinasanan wong
iku ambeg basuki, murweng tyas karaharjan.
Bercahayanya hati itu membuat
gerah, terhadap sekujur badannya, diselimuti oleh kebaikannya, tidak
sampai celakanya, senang dan syukur yang ditemukan, juga mendapat
keagungan, disebut orang besar, dipenuhi keselamatan, dikatakan orang
itu berwatak selamat, memulai hati berbahagia.
06.
Harjaning yas bisa malawani, marang sakehe nepsu kang ala, kang bener
pinarekake, sumingkir marang merdu, merdu dudut ati tan becik, becik
acumadhonga, ing Gusti Kang Agung, gungna langgenging Hyang Suksma,
suksma nrima ing panuwune kang abdi, yen temen tinemenan.
Kebahagiaan hatinya dapat
menahan, terhadap semua nafsu yang jelek, yang benar didekatkan,
menghindar dari kesenangan, senang mengambil hati yang tidak baik, lebih
baik mengharaplah, kepada Tuhan yang Maha Besar, agungkan keabadiannya
Tuhan, Tuhan akan menerima permintaan hambanya, Kalau sungguh-sungguh
akan dikabulkan.
07.
Jroning kitab sipatul nguleki, tandhaning wong kurang budinya, ana
pratandha ngawake, solah pangucapipun, kang kanggonan tulening budi, yen
katenan balak, ing sariranipun, winales ing kabecikan, sring nyukakken
marang ing sesami-sami, wong luput ingapura.
Dalam Kitab Sifatul nguleki, tandanya
orang yang kurang pandai, ada tanda di badannya, perilaku perkataannya,
yang memiliki budi sesungguhnya, jika terkena bencana, di badannya,
dibalas dengan kebaikan, sering memberi kepada sesamanya, orang salah
dimaafkan.
08.
Dene purwaka palaning budi, kaping kalih idhep mantepira, ingkang
beciki awake, lan wruh saliranipun, ingkang luhur dipun andhapi, tur
nora pala cidra, marang sanakipun, dene tandha kaping tiga, iya remen
wong iku panggawe becik, nyimpang panggawe ala.
Adapun permulaan tindakan baik,
kedua kemantapan hati, yang membuat baik dirinya, dan mengetahui diriya
sendiri, yang tinggi dihormati, lagi pula tidak bertindak jahat,
terhadap keluarga, adapun tanda yang ketiga, orang itu senang terhadap
perbuatan baik, menghindari perbuatan jelek.
09.
Tandha kaping pat jatmikeng budi, momot ujar tandha kaping lima, ngucap
barang pangucape, sarta kalawan ngelmu, tandha ping nem akerep dikir,
kerep maca istigpar, eling uripipun, lamun awekasan pejah, kaping pitu
kalamun nandhang prihatin, panrimane nugraha.
Tanda keempat bersifat baik,
dapat menerima nasihat tanda yang kelima, berkata setiap perkataannya,
disertai dengan ilmu, tanda yang keenam sering berdzikir, sering
membaca istigfar, ingat terhadap hidupnya, kalau akhirnya akan mati, ke tujuh kalau sedang menderita, dianggap menerima anugerah.
10.
Nuli ilang gonira prihatin, dene linimput ing panarima, sartandhap asor
budine, wus jangkep kaping pitu, budi ala ginonjak eblis, iya pitung
prakara, dene kang rumuhun, remene nganiaya, yen angucap puniku adoh lan
ngelmi, sembrana amrih cacat.
Segera hilang penderitaannya,
karena dibungkus dengan pasrah, serta rendah hati kepribadiannya, sudah
lengkap ketujuhnya, watak jelek diserang eblis, juga tujuh macam, adapun
yang pertama, senangnya menganiaya, kalau berkata itu jauh dari ilmu,
sembarangan membuat cela.
11.
Kapindho dir gumunggung ing dhiri, nora pisan dhemen pawong sanak,
Manawa soring dheweke, Dene kang kaping telu, Tata krama den orak-arik,
Ingkang kaping sakawan, Akereng tur lengus, Ping lima jail wadulan,
Kaping name nyanyuwe panggawe becik, Dene kaping sapta.
Kedua menyombongkan diri sendiri,
tidak pernah senang persaudaraan, kalau merendahkan dirinya, adapun
yang ketiga, sopan santun dikacaukan, yang ke empat, pemarah dan mudah
tersinggung, ke lima suka mengganggu dan mengadu, ke enam menghambat
perbuatan baik, adapun yang ke tujuh.
12.
Nora sabar ing bilahi, wus ajangkep kang sapta prakara, iku pancabaya
gedhe, raosna jroning kalbu, marang kojah ingkang kawuri, kalamun sira
bisa, matrapken pitutur, kang wus sinebut ing ngarsa, iku dalan umarek
mring Maha Suci, sarta lawan nugraha.
Tidak sabar pada kematian, sudah
lengkap tujuh perkara, itu bencana besar, rasakan dalam kalbu, pada
perkataan yang sudah, kalau kamu dapat, menerapkan nasihat, seperti yang
sudah disebutkan di depan, itu jalan menghadap kepada Tuhan, serta
dengan anugerah.
13.
Utamane kalakuan iki, lakonana samubarang karya, kukuhana ing becike,
kang tega tinggal luput, kencengana benere yekti, den kukuh aja kongkah,
kang supaya bakuh, iklasna tinggal kang ala, liring ala ingkang adoh
marang becik, becik ingkang raharja.
Keutamaan perilaku ini, lakukan
segala pekerjaan, jalani yang baiknya, yang tegas meninggalkan yang
salah, kuatkan yang benar sesungguhnya, yang kuat jangan bergeser, agar
tetap kokoh, ikhlaslah meninggalkan yang jelek, jelek artinya jauh dari
kebaikan, baik yang sejahtera.
14.
Arja jaya pan aja gumingsir, gingsirena ati kang belasar, dimen adoh
ing sasare, sasare ing panemu, panemune wong ahli ngelmi, akeh kang
nablegena, marang badanipun, iku ngelmune gupala, nora wande yen kekel
aneng yumani, tiwas pati tan awas.
Ketika berjaya janganlah lupa,
jauhilah hati yang jelek, biar jauh dari kejelekan, kejelekan dalam
pendapat, pendapatnya orang ahli ilmu, banyak yang menguntungkan,
terhadap badannya, itu ilmunya penggembala, akhirnya kalau kekal di
neraka, meninggal tidak mengetahui.
15.
Sira kaki dipun ngati-ati, nekadake ngelmu den waspada, den terus lawan
dalile, miwah kadis Jeng Rasul, den nastiti dipun methuki, maring para
utusan, ing sedayanipun, apa ingkang winartakna, sayektine kabar iku
nora kidib, yekti saking pangeran.
Kamu berhati-hatilah, memantapkan
ilmu harus hati-hati, berpegang teguh terhadap dalil, serta hadis Nabi,
yang teliti dalam menemui, kepada para utusan, dalam segalanya, apa
yang diberitakan, sesungguhnya kabar itu tidak benar, sungguh dari
Tuhan.
16.
Dene dununge ngelmu puniki, sayektine mung katemu nama, nora tinemu
rupane, rupane mung dumunung, dunungena telenging ati, ati iku titipan,
titipaning semu, semune tan mantra-mantra, lamun gatra yekti gograk kena
gigrig, mokal yen mangkonoa.
Adapun letak ilmu itu, sesungguh
hanya ditemukan istilah, tidak ditemukan wujudnya, wujudnya hanya
berada, letakkan dalam hati, hati itu titipan, titipannya yang samar,
samarnya tidak nyata, jika berwujud pasti terguncang karena takut,
mustahil jika begitu.
17.
Wong kang sampun binuka ing ngelmi, datan ana ingkang kinareman, amung
umadhep gustine, ngreksa sakehe lacut, amung sabar madhep ing Gusti, tan
pisan dhinginana, karsaning Hyang Agung, tan duwe daya upaya, amung
rila sokur pasrah maring Gusti, iku tekad kang nyata.
Orang yang telah terbuka ilmunya,
tidak ada yang disenangi, hanya mengingat Tuhannya, menjaga agar
semuanya tidak terlanjur, hanya sabar menyembah Tuhan, tidak mendahului,
kehendak Tuhan Yang Maha Agung, tidak memiliki kekuatan, hanya rasa
rela bersyukur terhadap Tuhan, itu tekat yang nyata.
18.
Pan sanadyan wus kadi punapi, kamulyane pan durung karuwan, maksih
pasrah maring kang gawe, yen wus sawusing durung, lah ta embuh rasan
puniki, yen sira tinarbuka, yekti bingung-bingung bingleng bebingungi,
bingung kang sampun ngongang.
Walau sudah seperti apa pun,
tetapi kemuliaannya belum pasti, masih pasrah kepada yang menciptakan,
apabila sudah sebelumnya, entahlah perasaan ini, jika kamu telah
terbuka, pasti bingung mencermati membingungkan, bingung terhadap yang
sudah ada.
19.
Liring ngongang bingung mengeng kaki, saking jerone ingkang iktikad,
sira pan aja gumluweh, yen sira gelem laku, amartapa laku kang becik,
bokmanawa sira ta, tinarbukeng kawruh, iku ijeh bokmanawa, nanging uga
lakonana ingkang margi, sarta palaling suksma.
Maksud bingung yang teramat
sangat anakku, karena dalamnya itikat, kamu janganlah sampai lalai, jika
kamu mau menjalani, melakukan perbuatan yang baik, mungkin kamu, akan
terbuka pengetahuannya, itu masih kemungkinan, tetapi juga lakukanlah di
jalan, serta karunia Tuhan.
20.
Antepana gonira ngabekti, miwah pasa ing sakiranira, lungguh pitekur
lan melek, kibir sumungah ujub, riya iku buwangen kaki, edohna ingkang
tebah, drubiksa kang catur, iku panggodhaning manah, iku angel
pambuwange ingkang tebih, kudu kraket kewala.
Mantapkan rasa baktimu, dan puasa
sekuatmu, duduk tafakur dan berjaga, kibir sombong ujub, riya itu
buanglah ananda, jauhkan yang jauh sekali, raksasa yang empat, itu
godaan hati, dan itu sulit untuk disingkirkan jauh, karena selalu
melekat saja.
21.
Iku ingkang ngalingi ing gaib, ujar kitab sipatul ngukala, iku kaki
kijab gedhe, lan malih dipun purun, sira kaki ambuwang dhuwit, aja keket
ing asta, marisaken kupur, ngangelaken ing sakarat,dunya brana jroning
pati mikatoni, tur dadi pancabaya.
Itu yang menghalangi kegaiban,
menurut Kitab Sifatul ngukala, itu ananda penghalang besar, dan lagi
lakukanlah, kamu mendermakan uang, jangan kikir sekali, mewariskan
kufur, mmenyulitkan pada kematian, harta benda selalu membayangi, lagi
pula menjadi petaka.
22.
Bayaning pati ambebayani, puyeng-mayeng puyang papuyengan,
poyang-paying pangrasane, priyang-priyang tur wuyung, yuwanane lumayu
tebih, yayah rena keweran, tan bisa tatulung, pramila dipun prayitna,
supayane ing pati semu patitis, tetepna ing tyasira.
Cobaan kematian sangat
membahayakan, pusing berputar-putar, berputar-putar perasaannya, badan
panas serta bingung, keselamatannya lari jauh, orang tua bingung, tidak
bisa menolong, maka harus waspada, agar mengerti benar tentang kematian,
mantapkan dalam hatimu.
23.
Pernatanen tumunturing ati, lunturana pranatan kang tata, dimen titi
trang driyane, yen sampun terang terus, anaratas paraning pati, tatanen
ingkang tata, patrapna pandulu, dulunen Kang Maha Mulya, nirna wrana
ilangna kang ngengalingi, lulus lestari nyata.
Aturlah sesuai dengan hati,
wujudkan dalam tatanan yang baik, agar menjadi terang hatinya, jika
sudah jelas terbuka, lurus tujuannya kematian, aturlah dengan teratur,
terapkan pandanganmu, lihatlah Tuhan Yang Maha Mulia, lenyapkan tabir
yang menghalangi, mulus abadi selamanya.
24.
Nanging dalane teranging pati, iya nora kena ginagampang, pan luwih
abot sarate, sarate tranging kawruh, kudu ngesthi rahina wengi, ngreksa
maring drubiksa, luamah dhinadhung, amarah denoprak-oprak, mutmainah den
kekep dipun sungkemi, napsu tiga linawan.
Tetapi jalan terang kematian,
tidak dapat dianggap mudah, sangat berat syaratnya, syaratnya
sempurnanya pengetahuan, harus ingat siang malam, menjaga terhadap nafsu
raksasa, aluamah diikat, amarah harus disingkirkan, mutmainah dipegang
teguh dan dimuliakan, ketiga nafsu dilawan.
25
Apa margane nemua becik, maksih ngumbar kanepsonanira, drengki kiyanat
den angge, tan bisa nyegah napsu, aluamah den urip-urip, amarah den
kukudang, supiyah den gunggung, pramila alane dadra, dedel dadi nuduhken
dalan tan becik, becike kekalingan.
Apa jalannya menemukan kebaikan,
masih mengumbar kemarahanmu, iri dengki berkhianat dipakai, tidak dapat
menahan nafsu, aluamah dipelihara, amarah dimanjakan, supiyah
dipuja-puja, maka kejelekan semakin menjadi-jadi, naik menunjukkan jalan
tidak baik, baiknya terhalangi.
26.
Kalingan napsu kang amrih lali, coba nepsu kang ala linawan, den
mungsuh ing sabenere, sayekti lamun lebur, bubar kuwur amobrak-mabrik,
ingkang kinarya pedhang, pangarepe ngelmu, panahe manah raharja,
pinayungan tawekal maju ngajurit, yekti sirna kang ala.
Terhalang nafsu yang membuat
lupa, coba nafsu yang jelek dilawan, diperangi dengan sungguh-sungguh,
pasti akan hancur, tercerai berai dan porak poranda, yang dipakai
pedang, pertama ilmu, panahnya hati yang selamat, dipayungi dengan
tawakal ketika perang, pasti lenyap kejahatannya.
27.
Ana maneh gegaman premati, aja sira dhemen kamelikan, kang nora sah lan
kukume, warise wong calimut, kinedhikken ingkang rijeki, warise wong
pitenah, cilakane muput, mindeng kasangsaranira, beda lawan wong sabar
salamet budi, warise kasenengan.
Ada lagi senjata yang ampuh, kamu
jangan suka terhadap milik orang, yang tidak sah hukumnya, keturunan
seorang pencuri, disedikitkan rejekinya, keturunan seorang pemfitnah,
sengsara selamanya, melihat kesengsaraannya, beda dengan orang sabar
selamat budinya, akan mendapat kesenangan.
28.
Seneng iku marisake becik, becik iku anuntun mupangat, mupangat nugraha
gedhe, nugraha iku wahyu, wahyu iku paringing Gusti, paring ingkang
karilan, rilaning Hyang Agung, patut iku den gungena, paparinging gusti
ingkang den rilani, iku sipate rahmat.
Senang menghasilkan kebaikan,
kebaikan akan menunjukkan manfaat, manfaat itu anugerah yang besar,
anugerah adalah wahyu, wahyu adalah pemberian Tuhan, pemberian yang
diridoi, ridoNya Tuhan Yang Maha Agung, sepantasnya harus disyukuri,
pemberian Tuhan Yang diridoi, itu sifatnya rahmat.
29.
Rahmat iku marisaken eling, eling iku marisken makripat, makripat
maring gustine, Gusti Kang Maha Agung, Liring agung datanpa sami, Mokal
yen kapadhana, Gusti Maha Luhur, Kang darbeni sipat jamal, Sipat kahar
kang nguwasani sakalir sakretining bawana.
Rahmat menciptakam rasa ingat,
ingat menghasilkan makrifat, makrifat terhadap Tuhannya, Tuhan Yang
Maha Agung, maksudnya agung tidak ada yang menyamai, mustahil jika ada
yang menyamai, Tuhan Yang Maha Luhur, yang memiliki sifat Jamal, sifat
Kahar yang menguasai segalanya, seluruh isi dunia.
30.
Lawan padha ngawruhana kaki, prakara sipat kalihdasa, lan mangerti ing
tegese, gaib ngawruhana iku, sakabehe wong Islam sami, yen tan weruh
tegesnya, mesthi lebar lebur, sipat wujud kidam baka, mokalapah lil
kawadisi limani, kiyamu binapsiyah.
Serta ketahuilah kalian semua,
tentang sifat dua puluh, ketahuilah maknanya, wajib untuk mengetahui,
seluruh umat Islam semua, jika tidak mengetahui maknanya, pasti akan
hancur lebur, sifat wujud kidam baka, mukalafah lil kawadisi, kiyamuhu binafsihi.
31.
Wahdaniyat kodrat iradati, ngelmu kayat samak basar ika, kodiran lan
muridane, ngaliman kayan iku, lan samingan basiran ugi, lawan
mutakaliman, jangkep wus den etung, ingkang sipat kalih dasa, sayektine
wujud iku ingkang pasthi, yektine datan ana.
Wahdaniyat kodrat irodat, ilmu kayat sama basar itu, kodiran dan muridan-nya, aliman kayan itu,
dan samian basiran juga, dengan mutakaliman, genap sudah jumlahnya, ke
dua puluh sifat, sebenarnya wujud itu yang pasti, sebenarnya tidak ada.
32.
Wujud iku amung Maha Suci, datan ana malih kang gumelar, awal tumekeng
akhire, tegese ujar iku, kabeh iki rusak sakalir, amung dat kang mulya,
ananing Hyang Agung, liring agung iku jembar, liring jembar tan ana kang
mamadhani, tan kakung tan wanodya.
Wujud itu hanyalah Yang Maha
Suci, tiada lagi yang terbentang, dari awal sampai akhir, maksudnya kata
itu, semua ini akan rusak, hanya dzat yang maha mulia, adanya Yang Maha
Agung, artinya Agung adalah luas, artinya luas tidak ada yang menyamai,
tidak laki-laki tidak perempuan.
33.
Makhluk kabeh ngalindung Hyang Widhi, ingkang jahat arah nem prakara,
iuke den ayomi kabeh, kang saweneh na wuwus, den arani johar lan jisim,
saweneh ana ngucap, Alah aneng dhuwur, Iku bodho tumpa-tumpa, Jeng
Pangeran ingkang karya bumi langit, Tan kaya ngapa-apa.
Semua makhluk berlindung kepada
Tuhan, yang jahat enam hal perkara, itu dilindungi semua, di antaranya
ada yang mengatakan, disebut johar jisim, dan ada juga yang megatakan,
Tuhan ada di atas, itu bodoh sekali, Tuhan yang mencipta bumi dan
langit, tidak dapat digambarkan.
34.
Nora kena kacipta ing galih, yen onoa rupan kaya ngapa, iku jomblah
makluk kabeh, kale suci sadarum, kang kumrenteg sajroning ati, kabeh iku
den ijad, dudu Maha Agung, tan kena ginayuh nala, pramilane den sami
brongta ing gusti, manawantuk nugraha.
Tidak dapat diangankan dalam
hati, kalau ada bentuk seperti apa pun, itu imbang bagi makhluk semua,
kebaikannya semua suci, yang bergerak di dalam hati, semua itu di-ijad, bukan Maha Agung, tidak dapat dicapai pikiran, maka kita harus mencintai Tuhan, semoga memperoleh anugerah.
35.
Lamun antuk pitulung Hyang Widhi, iya pesthi tan kalawan-lawan, kang
sarta lawan takdire, nanging sira yen ayun, mring pangawruh ingkang
sayekti, aja sawiyah-wiyah, den ngambah delanggung,dalanana saking
kitab, iya kono tasawup kang dadi margi, lan usul den waspada.
Bila mendapat pertolongan Tuhan,
pasti tidak tertandingi, yang disertai dengan takdirnya, tetapi jika
kamu akan, mengetahui yang sebenarnya, jangan berbuat semaunya,
lewatilah jalan besar, jalanilah dari kitab, yaitu tasawuf yang jadi
jalan, dan arahnya harus diingat.
36.
Waspadakna ingkang dadi sirik, lakonana kang kinon ing sarak, poma aja
ngelirake, kang cinegah ing rusul, ngedohana ingkang atebih, iku laku
utama, lakune wong luhung, mokal jaising Pangeran, dunungena kang terang
padha semangkin, iku wong asih suksma.
Ingatlah yang jadi larangan,
kerjakan sesuai aturan, jangan sampai lupa, yang dilarang oleh rasul,
singkirkan yang jauh, itu perbuatan yang terpuji, tindakan orang yang
mulia, mustahil takdirnya Tuhan, tempatkan yang jelas sekarang, itu
orang yang mencintai Tuhan.
37.
Amung weruha manungsa iki, marang wujuding Hyang Maha Mulya, anitik
saking lapile, dalilipun walahu, pan kalaka pi samawati, andadekaken
Allah, saking langit iku, lawan bumi sakabehnya, sayektine wajibul wujud
datneki, tan jaman tan panggonan.
Hanya ketahuilah manusia ini,
terhadap wujud Tuhan Yang Maha Mulia, berdasarkan dari wahyu, dalilnya
walahu, pan kalaka fi samawati, bahwa Allah menciptakan, bermula dari
langit itu, dengan bumi seisinya, sebenarnya wajibul wujud dzatnya,
tidak ada waktu dan tempat.
38.
Lan sing sapa wonge angarani, ing pangeran arahing kahanan, utawa ing
panggonane, yekti kapir wong iku, dadi batal islamireki, kopar kapir
kapiran, esah murtadipun, sakuthu ing kukumira, lan sing sapa sakuthu
maring Hyang Widhi, temahan manggih sasar.
Dan barang siapa mengatakan,
bahwa Tuhan suatu keadaan, atau di suatu tempat, sebenarnya kafir orang
itu, jadi batal Islamnya, kafirnya tidak percaya kepada Tuhan, sah
murtadnya, menyekutukan hukumnya, dan siapa yang menyekutukan Tuhan,
akhirnya menemui sengsara.
39.
Spat kidam dhingin maha Suci, mokal lamun kadhinginan Adam, uwal awalul
lapile, tanapi wal akhiru, kari nora ana ngareni, dalile sipat baka,
alanggeng Hyang Agung, mapan kuluman ngalyeha, sakabehe barang kang
sawiji-wiji, fasnis puniku ilang.
Sifat kidam awalnya maha suci,
mustahil jika didahului Adam, huwal awalul lafalnya, serta wal akhiru,
tinggal tidak ada yang meninggalkan, dalil sifat baka, abadi Tuhan,
memang kuluman ngalaiha, semua masing-masing benda, fasnis itu hilang.
40.
Wayabka lan tetep Maha Suci, wajhu rabika dat Pangranira, dul jalali
wal ikrame, Kang Mulya lan Kang Agung, Mokhalopah lil kawadisi, Prabeda
lan kang anyar, Iki dalilipun, Lan asipat wakhdaniyat, Pan sawiji boya
ana kang kekalih, Mokal yen ana liyan.
Wayabka dan tetap Maha Suci,
wajhu rabika dzat Tuhannya, dul jalali wal ikrami, yang mulia dan yang
Agung, mukalafah lili kawadisi, berbeda dengan yang baru, ini dalilnya,
dan sifat wahdaniyah, hanya satu tidak ada duanya, mustahil jika ada
lainnya.
41.
Sipat kodrat kuwasa Hyang Widhi, mokal lamun Pangeran apesa, iki
ingkang nuduhake, inallaha puniku, satuhune Hyang Maha Suci, ngalakuli
saean, kadir lajonipun, ing atase iku barang, saben-saben sawiji pan
dipun pasthi, langkep tan kena cidra.
Sifat kodrat Tuhan berkuasa,
mustahil jika Tuhan naas, ini yang menunjukkan, inallaha itu,
sesungguhnya Yang Maha Suci, alakuli saian, kadir lajoninya, atas segala
sesuatu, masing-masing sudah pasti, lengkap tidak dapat dihindari.
42.
Sipat iradat dalile singgih, Gusti Allah sayekti akarsa, Fakngaluli
mayuride, Wus agawe Hyang Agung, Ing sabarang sakarsaneki, Sipat ngelmu
pangeran, Iki lapilipun, Kyoaluhu inallaha, Ngalakuli sein ngalim
tegesneki, Satuhune Pangeran.
Sifat iradat dalilnya yaitu,
Tuhan sesungguhnya yang berkehendak, Fa aluli mayuri, sudah mencipta
Tuhan Yang Maha Agung, segala sekehendaknya, sifat ilmu Tuhan, ini
lafalnya, kyaluhu inallaha, alakuli saiin alim artinya, sesungguhnya Tuhan.
43.
Marang sakabehe kang dumadi, kabeh iku padha kinawruhan, sipat kayat
pan mangkene, mapan watawakalahu, ngalal khaliyamutuni, urip tan kena
pejah, ananing Hyang Agung, dalilipun sipat samak, mapan ta inallaha
samingun ngalim, miyarsa tur mangliyat.
Terhadap semua ciptaan, semua itu
diketahui, sifat hayat demikian, berada watawa kalahu, alal
khaliyamutu, hidup tidak dapat mati, adanya Tuhan Yang Maha Agung,
dalilnya sifat sama’, berada inallaha sami’un alim, mendengar serta
melihat.
44.
Sipat basar dalilipun singgih, wallahungdatawi Gusti Allah, bima
takmalun basire, sabarang pan dinulu, nora nganggo netra kakalih, dalile
sipat kalam, iki pungkasipun, wakalamallahu Musa, taklimana wus
ngandika Maha Suci, mring gusti Nabi Musa.
Sifat basar dalilnya yaitu,
walahu datawi Allah, bima ta’malun basir, segalanya dilihat, tidak
dengan kedua mata, dalilnya sifat kalam, ini yang terakhir,
wakalamallahu Musa, taklimana sudah berkata Tuhan Maha Suci, kepada
Nabi Musa.
45.
Pangandikane Hyang Maha Suci, mring jeng Nabi lan sapangandikan, ewuh
elok ujare kiye, arang ingkang anggayuh, samaripun anyanyamari, nyamari
sabuwana, buwana lit agung, gungena Kang Murbeng Jagad, jaganana
jejeging ati ja gigrig, gogragna raganira.
Firman Tuhan Yang Maha Suci,
kepada nabi dan sudah berkata, bingung katanya demikian, jarang yang
tercapai, samarnya membahayakan, membahayakan dunia, yaitu dunia kecil
dan besar, agungkanlah Tuhan Penguasa Dunia, jagalah tegaknya hati
jangan takut, gerakkan badanmu.
46.
Yen wus gograk usika kang dhiri, ridhonira ing Suksma tumeka, Suksma
nglela katon dhewe, wuwuh kawruh kang dhuwur, yen wus nora akiwir-kiwir,
nora angayawara, kawruhe pangawruh,iku pangawruh utama,utamane ing
badanira puniki, nyuwuna pangapura.
Jika sudah bergerak niatkan
dirimu, rido Tuhan akan datang, Tuhan jelas akan datang sendiri,
bertambah ilmu yang tinggi, Jika sudah tidak was-was, tidak bicara
sembarangan, pengetahuannya ilmu, itu ilmu utama, utamanya untuk dirimu
sendiri, mintalah maaf.
47.
Den rumasa ing Gusti keh sisip, luwih kurang ing ngibadahira, ing Gusti
kang dadekake, den akeh nutuh-nutuh, maring badanira pribadi, dadine
kumawula, ing Gusti kang Agung, ja kaya kang ngiket crita, layang iki
cumanthakambeg kumawi, nyarupa lir pujangga.
Sadarilah pada Tuhan banyak dosa,
sangat sedikit ibadahnya, pada Tuhan yang menciptakan, banyaklah
menyesali, pada diri sendiri, jadi menghambalah, pada Tuhan Yang Maha
Agung, jangan seperti pembuat cerita, surat ini lancang merasa berani,
menyerupai seperti pujangga.
48.
Satuhune bodhone ngluwihi, panganggite pan tanpa kerata, saking kirang
geyongane, langkung cupet ing kawruh, basa kawi dereng udani, saking
ambeg sembrana, dados purun-purun, anglampahaken sarkara, boten ketang
kalamun dipun esemi, mring janma liyanira.
Sebenarnya bodoh sekali, dalam
menulis tidak keindahan, karena kurang pegangan, sangat sedikit ilmunya,
bahasa kawi belum mengetahui, karena berwatak sembarangan, jadi merasa
mau, membuat tembang dhandhangula, meskipun dicibir, oleh orang lain.
49.
Kalayan malih wau kang nulis, langkung kirang ing panembahira, mring
Gusti Maha Sucine, mung maksiyat ginunggung,kabungahan rahina wengi,
ngamal salih tan ana, kumprunge kabanjur, pangesthine ingkang nyerat,
mugi-mugi wontena apureng Widhi, sakehe kalepatan.
Apalagi yang menulis, sangat
kurang beribadah, pada Tuhan Yang Maha Suci, hanya maksiat dilakukan,
bersenang-senang siang malam, amal salih tidak ada, sombongnya terlalu,
harapan yang menulis, semoga dimaafkan Tuhan, semua kesalahan.
50.
Akal ingkang tan pantes ing bumi, Gusti Allah mugi nglironana, Ginanti
kabecikane, Ya ingkang Maha Luhur, Dhuh tuwanku rabul ngalamin, Sanget
panangis amba, Mring Gusti Kang Agung, Rabi ya sir muga-muga, Agampilna
marang ati ingkang becik, Tuwan pan sipat rahman.
Pikiran yang tidak pantas di
dunia, semoga Tuhan mengganti, diganti kebaikan, oleh Tuhan Yang Maha
Luhur, duh tuanku rabul alamin, hamba memohon, kepada Tuhan Yang Maha
Agung, rabi ya sir semoga, memudahkan pada hati yang baik, Tuhan yang
bersifat rahman.
51.
Langkung murah man walatu ngansir, samaliye ing panuwun amba, Tuwan
sampun ngangelake, dhumateng manah ulun, ginampilna dhateng kang becik,
kadi ta ingkang ina, ringan gampilipun, lawan malih muga-muga, antuka
sih sapangate kangjeng Nabi, ngleberana kang nyerat.
Sangat pemurah man walatu ansir,
permintaan hamba lagi, Tuhan jangan membuat sulit, terhadap hati hamba,
mudahkan ke jalan yang baik, seperti yang hina, ringan mudahnya, dan
lagi semoga, memperoleh safaat Nabi, hingga sampai pada penulis.
52.
Ingkang nyerat langkung ngarsi-arsi, sapangate ing para ambiya, miwah
sakabat pa dene, tanapi wali kutub, ingkang sampun kabukeng gaib, nadyan
pasek kang nyerat, nanging batinipun, boten nyulayani sarak, bok manawi
wonten pangapureng Widhi, wingking sinten uninga.
Penulis sangat berharap,
safaatnya para ambiya, serta sahabatnya, serta para wali katub, yang
sudah terbuka tabir gaibnya, meski jelek yang menulis, tetapi batinnya,
tidak menyalahi aturan, mungkin ada ampunan Tuhan, kelak siapa yang
tahu.
53.
Dene kuwatire ingkang nganggit, sabab kathahing maksiyatira, meh boten
wonten ta ngate, kaya paran ing besuk,yen tan antuk apureng Widhi,
anggung gennya nalangsa, dhuh Allah Kang Agung, mugi Alah ngapuntena,
ing dosane umat Tuwan ingkap langip, ya Allahi Kang Mulya.
Sedang kekhawatiran penulis,
sebab sering berbuat maksiat, hampir tidak ada waktu, bagaimanakah
kelak, jika tidak mendapat ampunan Tuhan, hanya menderita, duh Tuhan
Yang Maha Agung, semoga Allah mengampuni, terhadap dosanya umat-Mu yang
lancang, ya Tuhan.
54.
Boten wonten kang yogya nulungi, maring kawula ingkang duraka, ingkang
kados amba kiye, amung Alah Kang Agung, kang darbeni ing sipat kang lim,
mugi Alah nglulusna, dalil kang sinebut,aneng sajeroning Kuran,
innallaha pan yakbii luttaw dabati, Allah nrima wong tobat.
Tidak ada yang mampu menolong,
terhadap hamba yang durhaka, yang seperti hamba ini, hanya Tuhan Yang
Maha Agung, yang memiliki sifat lim, semoga Tuhan mengabulkan,
seperti dalil yang disebutkan, dalam Al Quran, innalalaha fa yakbilu
tawadabati, Allah menerima orang bertobat.
55.
Mung puniku watone kang nganggit, nanging boten pisan amesthekna, sabab
jais pangerane, tobat kula gumlundhung, saking sanget–sangeting sisip,
mung nganti palaling Hyang, laleberanipun, sapangating rasulullah, kadis
nabi attaibumindanbi, kamala dan balaha.
Hanya itu pegangan penulis,
tetapi tidak berani memastikan, sebab jais Tuhannya, taubat hamba tidak
diterima, karena terlalu banyak dosa, hanya menunggu anugerah Tuhan,
kelebihannya, safaatnya rasul, hadis nabi attaibu min danbi, kamala dan
balaha.
56.
Utawi wong tobat saking sisip, kaya wong kang ora duwe dosa, iku nabi
ngandikane, iku geyongan agung, dalil kadis dhawuhe Gusti, sing sapa tan
percaya, yekti dadi kupur, pramila sami ngudiya,dalil kadis sayogya
dipun temeni, gennya talabul ngelma.
Atau orang tobat dari dosa,
seperti orang yang tidak punya dosa, itu kata nabi, itu pegangan besar,
dalil hadis perintah Tuhan, barang siapa tidak percaya, pasti jadi
kufur, maka semuanya carilah, dalil hadis sebaiknya ditekuni, dalam
mencari ilmu.
57.
Lamun sampun putus maring ngelmi, prayogane ngekehana ngamal, aja
kongsi ngelmu bae, ngelmu datanpa laku, iku kaki kurang prayogi, laku
tan ngangge ngelma, iku nora tutug, dadi wuta temahira, lah pikiren
ajana ambeg gumampil, gempal wekasanira.
Jika sudah menguasai ilmu,
sebaiknya perbanyaklah amal, jangan hanya menuntut ilmu saja, ilmu tanpa
diamalkan, itu kurang baik, amal tidak disertai ilmu, itu tidak
sempurna, jadi buta akhirnya, nah pikirkan jangan menganggap mudah,
pecah akhirnya.
58.
Wus tinutur anisal mutakin, pira-pira wong kang gawe amal, mapan
tinulak ngamale, lan pira-pira ngelmu, nora dadi ngelmunireki,sababe
tanpa ngamal, wong kang ngelmu iku, marmane ngamal tinulak, tanpa ngelmu
pramila den sami ngesthi, ngelmu sartaning ngamal.
Sudah dijelaskan di anisal
utakin, seberapa pun orang beramal, pasti ditolak amalnya, dan seberapa
pun ilmu, tidak bermanfaat ilmunya, sebab tidak diamalkan, orang yang
berilmu itu, maka akan ditolak amalnya, tanpa ilmu makanya harus
diketahui, berilmu disertai beramal.
59.
Ngelmu putus sarta ngamal salih, iku begja yen sira kanggonan, ingkang
tinemu karone, sabar tawekal lurus, lan ngibadah pitekur dikir, warise
kang mangkana, makripat Hyang Agung, iku gunging kalakuan, ingkang
nganggo ingkang sami ahli ngarib, kang sami tinarbuka.
Ilmu yang sempurna serta amal
salih, itu beruntung jika memilikinya, jika keduanya bertemu, sabar
tawakal jujur, dan beribadah tafakur dikir, peninggalannya yang
demikian, makrifat Tuhan Yang Maha Agung, itu agungnya tindakan, yang
memakai sama dengan ahli sufi, yang sudah dibukakan.
60.
Dedalane wong keparek Gusti, kudu nemen ing ngibadahira, sarta kirang
dhahar sare, lan cegah saking dudu, dudu dipun singkiri, ngambaha ing
dadalan, dalaning kang agung, rupane dalan kang jembar, dalil Kuran lan
Kadise Kangjeng Nabi, lan ijmaking ngulama.
Jalannya orang yang dekat Tuhan,
harus tekun beribadah, serta mengurangi makan tidur, dan mencegah
kesalahan, kesalahan dihindari, lakukan jalan, jalan yang benar,
wujudnya jalan yang besar, dalil Al Quran dan hadis Nabi, dan ijmak
ulama.
61.
Dhawuh dalem saking dalil kadis, apa amar kang aneng ing kana, aja sira
ngemengake, cilaka temah luput, luput muput tumekeng buri, buri dadi
rarasan, dinakwa tan uruscegah ing rusul dohana, ningna ing tyas kang
mardu supaya bening, ningna tekad manira.
Perintahnya dari hadis dan dalil,
apa perintah yang ada di sana, janganlah menganggap mudah, celaka
akhirnya salah, salah sampai seterusnya, kelak menjadi perbincangan,
dituduh tidak dapat mencegah nabi, cermati dalam hati agar bening,
cermati niat hatimu.
62.
Manah ngiwa dohna ingkang tebih, drengki pitnah aja sira ambah,
nyidrani sapepadhane, ngumpet ngadu-adu, ujub riya kibir ing ati, iku
kang ngrusak badan, sirahe takabur, aja buka celaning lyan, rumasaa ing
batin cela pribadi, panacat singgahana.
Hati yang menyimpang singkirkan
jauh, iri hati fitnah janganlah dilakukan, mencelakai sesamanya,
bersembunyi mengadu domba, ujub riya kibir hatinya, itu merusak badan,
sifat takabur, jangan membuka aib orang lain, merasalah kekurangan diri
sendiri, hindarilah suka mencela.
63.
Wong kang dhemen nacat barang kardi, iki tuduhe wong kurang akal,
cinela mungguh ngelmune, lan malih wekas ingsun, aja ambeg lemeran
kaki, penginan barang karya, tan kena kadulu, ing barangira wong liyan, nora kena kumlebat den kapengini, wateg eraman aja.
Orang yang suka mencela segala
hal, itu menunjukkan orang kurang akal, dicela ilmunya, dan lagi
pesanku, jangan bertindak nista/hina anakku, tertarik segala sesuatu,
tidak boleh melihat, terhadap barangnya orang lain, tidak boleh dilihat
pasti diinginkan, jangan bersifat heran.
64.
Wong eraman marisaken drengki, lawan marisaken tan narima, marang
paringe gustine, ngedohken saking sokur, marisaken ngrasuleng budi,lann
narik maring murka, sasaring panemu, ucapen janma utama, nguni-uni kang
wus karem maring tokit,tan ana kinareman.
Orang mudah heran mewariskan
dengki, serta mewariskan tidak menerima, pada pemberian Tuhan,
menjauhkan rasa syukur, mewariskan hati resah, dan menarik sifat
serakah, menyesatkan pikiran, ceritakan orang utama, dahulu sudah senang
pada ketauhidan, tidak ada yang disenangi.
65.
Nora pardulen marang sesami, ngalem nacat puniku cinegah, sabab maoni
gustine, kalepan sampun sinung, papesthene ala lan becik, wus aneng
kodrating Hyang, duk neng lokhil makpul, mila tan eram ing liyan, naming
Alah puniku kang den erami, dene langkung kuwasa.
Tidak peduli sesama, memuji dan
mencela itu dihindari, sebab mencela Tuhan, lupa sudah memiliki,
kepastian baik dan buruk, sudah kodrat Tuhan, ketika masih di lokil
makpul, maka tidak heran terhadap orang lain, hanya Allah itulah yang
ditakjubi, karena sangat berkuasa.
66.
Bisa ngingoni marang sakalir, lawan bisa manasaken surya, lan bisa
anggebyarake, lintang kang aneng luhur, nora nganggo den sarawedi, miwah
tanpa canthelan, prandene tan runtuh, karya langit tanpa saka, lan
agawe sagara banyune asin, patut den eramana.
Dapat memelihara segalanya, dan
dapat membuat panas matahari, dan bisa memancarkan, bintang yang ada di
atas, tidak memakai digosok, serta tanpa gantungan, namun demikian tidak
jatuh, membuat langit tanpa tiang, dan membuat laut asin airnya, pantas
dikaguminya.
67.
Mulane wong ingkang ahli supi, ora nana ingkang winedenan, liyane Gusti
Kang Gawe, pan kabeh iki makluk, nora nana bisa mbayani, kabeh den
anggep padha, tan prabedeng dunung, sanadyan suwarga nraka, kukumipun
puniku maksih khawadis, kabeh kukume rusak.
Maka orang yang ahli sufi, tidak
ada yang ditakuti, kecuali Tuhan Yang Maha Pencipta, semua ini makhluk,
tidak ada yang membahayakan, semua dianggap sama, tidak berbeda tempat,
walau surga neraka, hukumnya itu masih khawadis, semua hukumnya rusak.
68.
Ku panemune wong ahli ngarip, ingkang sampun makripat Hyang Suksma,
kaya mengkono anggepe, tan karem sawarga gung, maring nraka yo nora
wedi, tan ana kang kinasat, liyane Hyang Agung, iku wong kang brangteng
Suksma, wus rumesep ngelmu ngamal dadi siji, ngalih marang paningal.
Itu pendapat orang ahli bijak,
yang sudah mencapai makrifat pada Tuhan, seperti itu anggapannya, tidak
senang surga yang besar, pada neraka juga tidak takut, tidak ada yang
dilihat, selain Tuhan Yang Maha Agung, itulah orang yang merindukan
Tuhan, sudah merasuk ilmu amal menjadi satu, berpindah pada penglihatan.
69.
Paningale nora ngalih-ngalih, nora lunga maring kana-kana, mung ngenani
pandulune, andulu kang dinulu, lelewane amilangeni, oneng ingkang
paningal, paningal kang alus, lulus luwes temah lawas, yen wus tan awas
iku manungsa kang uwis, dhapur buh kang mangkana.
Penglihatannya tidak berubah,
tidak pergi kemana-mana, hanya tertuju pada penglihatannya, melihat pada
yang dilihat, perilakunya sangat menyenangkan, bingung penglihatannya,
penglihatan yang halus, lulus ramah akhirnya lama, jika sudah tahu itu
manusia yang sudah, berbentuk apa yang demikian itu.
70.
Pan sinigeg sekar dhandhanggendhis, karsanira Dyan Arya Kusuma, tan
arsa anglajengake, samene bae cukup, lamun bisa sira nampani, babasan
pudhak cengkar, kayon pinggir laut, kalamun ingsun babara, sayektine
wicara datanpa kardi, judheg masa bodhoa.
Diakhirilah tembang
dhandhanggula, kehendaknya Raden Arya Kusuma, tidak akan melanjutkan,
sekian saja cukup, jika dapat kamu menerima, ibarat pudhak cengkar, kayon pinggir laut, kalau saya jelaskan, sesungguhnya bicara tanpa hasil, pusing terserahlah.
T A M A T
http://alangalangkumitir.wordpress.com/
http://alangalangkumitir.wordpress.com/
No comments:
Post a Comment