NGLAKONI TAPA UTAWA SEMEDI
Wong
kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa utawa semédi kudu kanthi
kapracayan kang nyukupi apa dene serenging lan kamempengan anggone
nindhakake. Atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindhakake
sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pengarep-arepe yen kagawa saka
kuciwa dening kahanane badane, wong mau kudu nindakake pambudi dayane
luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake
marang sawiji-wijining mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening
kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone nindakake lakune rasa
kuciwa kang mangkono iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake
ciliking ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep
arepe lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sakene mung
dadi wong lumrah maneh.
Kawruhana wong kang lagi
miwiti ngyakinake ilmu gaib sok sok dheweke iku mesthi nemoni kagagalan
kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa. Sawijining wewarah kang luwih becik
tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan iya iku ati kang teguh santosa
aja kesusu-susu lan aja bosenan ngemungake wong kang anduweni katetepan
ati lan santosaning sedya sumedya ambanjurake ancase iya iku wong kang
bakal kasembadan sedyane. Wong ngyakinake prabawa gaib iku anduweni
kekarepan supaya dadi wong lanang temenan kang diendahake dening wong
akeh, iya anaa ing ngendi wae enggone nyugulake dirine, Amarehe diwedeni
ing wong akeh panguwuhe gawe kekesing wong yen anyentak dadi
panggugupake lan gawe gemeter dirine, ditrisnani ing wong akeh
pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh, iya
pancen nyata wong liyane mesthi tunduk marang sawijining wong kang ahli
ilmu.
Wong ahli kasutapan tansah
yakin enggone ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem dhirine. Ana paedahe
kang migunani banget manawa wong nindakake pambudi daya kalawan misah
dheweke ana ing papan kang sepi karana tinimune kekuwatan gaib iku
sok-sok tinemu dhewekan ana ing sepen. Wong ahli kasutapan kudu budidaya
bisane nglawan marang nepsune kekarepan umum (kekarepan wong akeh kang
campur bawur ngumandang ana ing swasana), kalawan tumindak mangkono wong
ahli kasutapan mau dadi nduweni pikiran-pikiran kang mardhika, iya
pikiran-pikiran kang mangkono iku kang bisa nekakake kasekten gaib.
Sangsaya akeh kehing kang
kena tinides, uga sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan gaib kang
kinumpulake. Kekuwatan gaib iku tansah makarti tanpa kendhat enggone
mujudake sedya lan nganakake kekarepan. Wong ahli kasutapan kudu
anduweni ati kang tetep lan kekarepan kan dereng, kalawan ora maelu
marang anane pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning. Kasekten iku
kaperang ana rong warna, iya iku kasekten putih (Witte magie/white
magic) utawa kasekten ireng (Zwarte magie/Black Magic). Awit saka anane
perangan mau banjur dadi kanyatan yen perangan kang sawiji iku becik,
dene perangan liyane ala.
Kasekten putih iku satemene
ilmu Allah Kang Maha Luhur wis mesthi bae kapigunakake mligi kanggo
kaslametane wong akeh. Dene kasekten ireng iku ilmu kaprajuritan kang
kapigunakake luwih-luwih kanggo nelukake kalayan paripaksa, sarta bakal
anjalari kacilakaning wong liya. Ananing sakaro karone saka sumber ilmu
Allah sarta sakaro karane iku padha dipigunakake kalawan atas asma
Allah. Tinemune ilmu-ilmu kasekten iki saranane kalawan kekuwataning
pikiran pikiran iku manawa kagolongake meleng sawiji bisa nuwuhake
kekuwatan kaya panggendeng kang rosa banget tumrap marang apa bae kang
dipikir lan disedya.
Wong kang nglakonitapa
kalawan nindakake laku-laku kang tinemtokake wis mesthi bae gumolonging
pikirane bebarengan padha kumpul dadi siji sarta katujokake marang apa
kang disedya kalawan mangkono iku kekuwatan daya anarik migunakake
sarosaning kekuwatane banjur anarik apa kang dikarepake. Swasana kang
katone kaya dene kothong bae iku satemene ana drate rupa-rupa kayata :
geni murub emas kayu lemah waja, electrieiteit zunrstof koolzunr
sarpaning Zunr lan isih akeh liya-liyane maneh.
Samengko umpamane ban ana
sawijining wong kang lagi tapa kalawan duwe sedya supaya andarbeni daya
prabawa kang luwih gedhe sarta anindakake sakehing kekuwatan pikiran
kalawan ditujokake marang sedyane mau nganti nuwuhake daya prabawa.
Kekuwataning daya anarik saka pikiran iku banjur anarik dzat ing swasana
kang pinuju salaras karo daya prabawa mau kalawan saka sathithik sarta
sareh dzat daya prabawa kang ing swasana iku katarik mlebu ing dalem
badane wong kang lagi tapa mau. Kalawan mangkono dzat “prabawa” iku dadi
kumpul ing dalem badane wong narik dzat iku nganti tumeka wusanane
badane wong ahli tapa, iku bisa metokake daya prabawa kang gedhe daya
karosane.
Wong kang andarbeni ilmu kang
mangoko iku dadi sawijining wong kang sakti mandraguna. Tumrap
wong-wong kang nglakoni tapa ditetepake pralambang telu : Diyan, Jubah
lan Teken. Diyan minangka pralambanging pepadhang, tumrap kahanan kang
umpetan utawa gaib. Jubah minangka dadi pralambange katentremaning ati
kang sampurna, dene teken minangka dadi pralambanging kekuwatan gaib.
Ing dalem sasuwene wong
nglakoni tapa iku prelu banget kudu migateake marang sirikane, kayata :
wedi, nepsu, sengit, semang-semang lan drengki. Rasa wedi iku sawijining
pangrasa kang luwih saka angel penyegahe. Menawa isih kadunungan rasa
wedi ing dalem atine wong ora bakal bisa kasambadan apa kang disedyaak.
Kalawan “rasa wedi” iku atining wong dadi ora bisa anduweni budi daya
apa-apa.
Sajrone nglakoni tapa utawa
salagine ngumpulake kekuwatan gaib, atining wong iku mesthi kudu tetep
tentrem lan ayem sanadyan ana kadadeyan apa wae. Manawa atine wong iku
nganti gugur, kasutapan iya uga dadi gugur lan kudu lekas wiwit maneh.
Gegeman kalawan wadi sakehing ilmu gaib lkang lagi pinarsudi, luwih
becik murih nyataning kasekten tinimbang karo susumbar kalawan kuwentos
kayakenthos.
“Nepsu” iku andadekake tanpa
dayane kekuwataning batin. “Semang-semang” iku andadekake ati kang
peteng ora padhang terang. “Sengit utawa drengki” iku uga dadi
mungsuhing kekuwatan gaib. Wong kang lagi nindakake katamtuwan ing dalem
kasutapan kudu kalawan ati kang sabar anteng lan tetep. Patrapebadan
kang kaku lan kagugupan kudu didohake .
- Aja sok singsot.
- Aja duwe lageyan sok nethek nethek kalawan driji tangan marang meja kursi utawa papan liyane.
- Aja ngentrok-entrokake sikil munggah mudhun.
- Aja sok anggigit kukuning dariji tangan.
- Aja mencap-mencepake lambe.
- Aja molahake lidhah lan andhilati lambe.
- Aja narithilake kedheping mata.
Ngedohake sakehing saradan
utawa bendana kang ora becik, kayata glegak-glegek molah-molahake sirah,
kukur-kukur sirah, ngangkat pundhak lan liya-liyane sabangsane saradan
kabeh.
Satemene perlu banget
nyirnakake kekarepan “drengki” luk wit ngrasaning karep drengki iku
banget nindhih marang diri pribadi. Ana maneh “drengki” iku kaya anggawa
sawijining pikulan abot kang tansah nindhes marang dhiri lan sarupa ana
barang atos medhokol kang angganjel pulung ati. “Drengki lan meri” iku
mung anggawa karugiyan bae tumrap kita, ora ana gunane sathithik
-thithika. Salawase wong isih anduweni pangrasan karep “drengki lan
meri” iku ora bakal bisa tumeka kamajuwane tumrap dunya prabawaning
gaib.
Ora mung tumindak bae tumrap
sawijining wong bae bisa maluyakake wong liya kalawan kekuwatan gaib
nanging uga tumindak tumrap sawijining wong maluyakake dhiri pribadi
kalawan kekuwatan iku. Bisane maluyakake larane wong liya, mesthine kudu
ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badane wong kang lara. Manawa
wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem
badane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan gaib kawenehake marang
wong liyane mestheni uwong bisa ngreti yen arep migunakake kekuwatan iku
nganggo paedahe dhiri dhewe uga luwih gampang.
Supaya bisa nindhakake
pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna wong ngesthi kudu
mahamake cara-carane maluyakake panyakit. Iya iku cara-cara kang
katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya supaya
bisa migunakake obah-obahan iku marang awake dhewe.
Kawitane wong kudu nindakake
patrape mangreh napas, kanggo negahake asabat. Dene carane ngatur napas
iku kaprathelakake kalayan ringkes kaya ing ngisor iki :
- Madika panggonan kang sepi.
- Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kepenak, sikil karo pisan tumapak ing lemah.
- Badan kajejegake lan janggute diajokake.
- Benik-beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandangan dadi longgar lan kepenak kanggo tumindhak ing napas.
- Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kaya saka ing jaba.
- Sakehing urat-urat kakendokake.
- Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget tahanen napas iku sawatara sekon/detik (kira-kira 6 detik) lan wusanane wetokna napas iku kalawan sareh.
- Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu iku kalawan giliran. Cara nindakake napas kaya ing ngisor iki :
- Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha mekar lan weteng dadi nglempet.
- Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa luwih suwe ing dalem paru-paru dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestaringlempetake kalawan mangkono iku gurung dalaning napas tansah tetep menga.
- Ambuangna napas kalawan alon nganti entek babar pisan nganti dhadha dadi kempes, lan weteng dadi mekar.
- Banjurna marambah-rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka lima tumeka limolas menit utawa luwih suwe nganti bisa nemoni pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning badan.
Carane matrapake kasebut ing
dhuwur iku sawijining cara kanggo napakake napas, iki kena lan kudu
ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa bae kang nglakoni
tapa supaya oleh ilmu gaib. Daya kang luwih bagus iya iku miwiti makarti
miturut pituduhan. Aja weya nindakake patrap kanggo napakake napas iku.
Cara matrapake tumindaking
napas iku kena uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh mlumah : ngendokake
sakabehing urat-urat nyelehake tangan karo pisan sadhuwuring weteng lan
nindakake lakuning napas miturut aturan. Daya ngisekake Prana Ngadeg
kalawan jejeg sikil karo pisan kapepetake dadi siji lan driji -drijining
tangan karo pisan dirangkep dadi siji kalawan longgar.
Banjur matrapa lakuning napas
sawatara rambahan miturut aturan. Gawe segering utek lungguha kalawan
jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing sandhuwuring pupu kiwa tengen:
mripat mandheng marang arah ing ngarep kalawan tetep: sikil karo pisan
tumadak ing lemah. Kalawan jempol tangan tengen anutup lenging grana
sisih tengen lan anarika napas liwat lenging grana sisih kiwa, wusana
nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas lan nutupa lenging grana
kiwa kalawan driji narika napas liwat lenging grana tengen, lepasna
driji panutup iku lan ambuwanga napas. Mangkono sabanjure kalawan
genti-genten kiwa lan tengen. Nuwun.@@K
http://alangalangkumitir.wordpress.com
http://alangalangkumitir.wordpress.com
No comments:
Post a Comment