Sunday, September 23, 2012

Piwulang Kautaman

KETUHANAN
Pituduh 001
Pangeran Kang Maha Kuwasa (Gusti Allah, Tuhan) iku siji, angliputi ing ngendi papan, langgeng, sing nganakake jagad iki saisine, dadi sesembahan wong saalam donya kabeh, panembahan nganggo carane dhewé-dhewe.

Pituduh 002
Pangeran Kang Maha Kuwasa iku anglimput ana ing ngendi papan, anèng sira uga ana Pangeran (maksude : tajaline Kang Murbeng Dumadi).

Pituduh 003
Pangeran iki Maha Kuwasa, pepesthen saka karsaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.

Pituduh 004
Pangeran iku nitahake sira lantaran bapa lan biyungira, mula kudu sira ngurmati marang bapa lan biyungira.

Pituduh 005
Ing donya iki ana rong warna sing diarani bebener, yakuwi bener mungguhing Pangeran lan bener saka kang lagi kuwasa.

Pituduh 006
Ketemu Gusti (Pangeran) iku lamun sira tansah eling.

Pituduh 007
Cakra manggilingan (urip iku ibarate rodha kang tansah mubeng).

Pituduh 008
Aja sira wani-wani ngaku Pangeran, senadyan kawruhira wis tumeka “Ngadeg Sarirå Tunggal” utawa bisa mengerteni “Manunggaling Kawula Gusti”.

Pituduh 009
Aja ndisiki kersa.

Wewaler 010
Aja sira wani marang wong tuwanira, jalaran sira bakal kena bendhu saka Kang Murbeng Dumadi.

Wewaler 011
Aja mung kelingan lan migatekake barang kang katon bae, sebab kang katon gumelar iki anane malah ora langgeng.

Wewaler 012
Aja darbe pangira yen lelembut iku mesthi alane, jalaran sing apik iya ana, sing ala iya ana, ora beda karo manungsa.

Wewaler 013
Aja lali saben ari (dina) eling marang Pangeranira, jalaran sejatine sira iku tansah katunggon Pangeranira.
KAUTAMANING BATIN
Pituduh 014
Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.

Pituduh 015
Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.

Pituduh 016
Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.

Pituduh 017
Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.

Pituduh 018
Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.

Pituduh 019
Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawene.

Pituduh 020
Manungsa saderma nglakoi, kadyawayang saupamane

Pituduh 021
Mulat sarira tansah eling lan waspada.

Pituduh 022
Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.

Pituduh 023
Síng sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.

Pituduh 024
Nglurúg tanpa bala, sugíh ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.

Pituduh 025
Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supeye ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kabecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.

Pituduh 026
Siíng seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.

Pituduh 027
Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.

Pituduh 028
Wani ngalah luhur wekasane.

Wewaler 029
Aja seneng gawe rusaking liyan, jalaran sira bakal kena siku dhendhaning Guru Sejatinira.

Wewaler 030
Aja sira nyacad piyandeling liyan, jalaran durung mesthi yen piyandelira iku sing bener dhewe.

Wewaler 031
Aja lali marang kebecikan liyan.

Wewaler 032
Aja sira degsura, ngaku luwih pinter tinimbang sejene.

Wewaler 033
Aja rumangsa bener dhewe, jalaran ing donya iki ora ana sing bener dhewe.

Wewaer 034
Aja wedi kangelan, jalaran urip aneng donya iku pancen angel.

Wewaler 035
Aja gawe serík atining liyan lan aja golek mungsuh.

Wewaler 036
Aja sira mulang gething marang liyan, jalaran iku bakal nandur cecongkrahan kang ora ana uwis-uwise.

Wewaler 037
Aja ngumbar hawa napsu lan aja melik darbeking liyan, mundhak sengsara uripe.
LAKU BUDI UTAMA
Pituduh 038
Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti.

Pituduh 039
Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.

Pituduh 040
Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
Pituduh 041
Yitna yuwana, lena kena.

Pituduh 042
Ala ketara, becik ketitik.

Pituduh 043
Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup).
Yen ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana wisane dumunung ana ing sakujur badan.

Pituduh 044
Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.

Pituduh 045
Mumpung enom ngudiya laku utama.

Pituduh 046
Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.

Pituduh 047
Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.

Pituduh 048
Wong mati iku bandhane ora digawa.

Pituduh 049
Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.

Pituduh 050
Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.

Pituduh 051
Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.

Pituduh 052
Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.

Pituduh 053
Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.

Pituduh 054
Turuten pituture wong tuwa.

Pituduh 055
Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).

Pituduh 056
Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.

Pituduh 057
Wong linuwíh iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongake tembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.

Wewaler 058
Aja panasten lan aja seneng gawe gendra, jalaran gawe gendra iku sipating dhemit.

Wewaler 059
Aja seneng yen den alem, aja sengit yen den cacad.

Wewaler 060
Aja lali piwulang becík.
KEBANGSAAN
Pituduh 061
Bangsa iku minangka sarana kuwating nagara, mula aja nglirwakake kabangsanira pribadi supaya antuk kanugrahan adeging bangsa kang “Andana Warih”

Pituduh 062
Negara iku ora gunu lamun ora duwe angger-angger minangka pikukuhing negara kang adhedhasar isi kalbune menungsa salumahing negara kuwi.

Pituduh 063
Kang becik iku lamun ngerti anane sesantine ngabdi bebrayan agung : “Ing Ngarsa Asung Tuladha, Ing Madya Amangun Karsa, Tut Wuri Handayani”.

Pituduh 064
Negara kita bisa tentrem lamun murah sandhang klawan pangan, marga para kawula padha seneng nyambut gawe, lan ana panguwasa kang darbe watak “Ber budi bawa laksana”.

Pituduh 065
Wadyabala pamong praja kang seneng marang kawula alit iku dadi senengane para kawula sajroniíng praja lan bisa gawe kukuh sarta dadi tamenging nagara.

Pituduh 066
Para mudha aja ngungkurake ngudi kawruh kang nyata amrih bisa kinarya kuwating nagara, ungguling bangsa, lan bisa gawe rahayuning sasama.

Pituduh 067
Panguwasa pamonge negara iku kudu bisa gawe tentrem para kawulane, amarga yen ora mangkono bisa kadadeyan para kawula ngrebut panguwasaning negara.

Pituduh 068
Negara kuwat iku marga kawulane seneng uripe lan disujudi dening liya negara.

Pituduh 069
Lamun sira dadi wadyabala pamonging nagara, aja sira dhemen kuwasa dhewe. Jalaran yen sira wis ora kasinungan panguwasa maneh, ing tembe bakal ndadekake ora kajening awakira ing tengahing bebrayan. Ngelingana yen sejatine isih ana wong kang bisa ngalahake sira ing babakan apa bae.

Pituduh 070
Dene sing mengku nagara ora darbe watak “Ber budi bawa leksana”. Iku bisa njalari wadyabala kang dadi tetungguling prajurit negara kuwi ora sujud maneh lan bisa uga kepingin ngrebut panguwasaning negara.

Pituduh 071
Yen wong becik kang kuwasa, kabeh kang ala didandani lamun kena, dene yen ora kena disingkirake mundhak nulari (cuplak andheng-andheng).

Pituduh 072
Perang iku becik laman tujuwane nggayuh kamardikaning nagara lan bangsane, lan perang iku ala lamun kanggo njarah rayah darbeking liyan.

Pituduh 073
Wong ala yen bisa kuwasa, kang ala iku diarani becik. Kosokbaline yen wong becik kang kuwasa, kang becik iku kang ditindakake.

Pituduh 074
Wajibing warganing nagara iku kudu bisa rumangsa melu handarbeni, wajib melu hanggondheli. Mulat sarira hangrasa wani.

Wewaler 075
Aja seneng yen lagi darbe panguwasa, serik yen lagi ora darbe panguwasa. jalaran kuwi-kuwi ana bebendhune dhewe-dhewe.

Wewaler 076
Aja mung kepingin menange dhewe kang bisa marekake crahing nagara lan bangsa, kudu seneng rerembugan njaga katentreman lahir batin.
KAKALUWARGAAN
Pituduh 077
Bapa biyung iku minangka lantaran urip ing ngalam donya.

Pituduh 078
Sing sapa lali marang wong tuwane presasat lali marang Pangerane, Ngabektiya marang wong tuwa.

Pituduh 079
Wong tuwa kang ora ngudi kabecikan sarta ora ngerti marang udanagara (trapsila, unggah-ungguh) lan tata krama, kuwi sejatine dudu panutane putra wayah.

Pituduh 080
Sapa sing seneng urip tetanggan, kalebu janma linuwih. Tangga iku perlu dicedaki nanging aja ditresnani.

Pituduh 081
Paribasane tangga iku padha karo bapa biyung.

Pituduh 082
Tangga kang ora becik atine aja dicedhaki nanging aja dimungsuhi.

Pituduh 083
Sadumuk bathuk sanyari bumi ditoh pati. (Unen-unen kanggo nggambarake kasetyane marang kulawarga).

Pituduh 084
Mikul dhuwur mendhem jero. (Unen-unen kanggo nggambarake bektine anak marang wong tuwane).

Pituduh 085
Anak iku minangka terusane wong tuwa, ora ana katresnan kang ngluwihi katresnane wong tuwa marang anak.

Pituduh 086
Tresna marang mantu iku padha bae tresna marang putra, jalaran putu iku wohing katresnane putra lan mantu.

Pituduh 087
Sayojana iku dohe sepuluh ewu dhepa. Swara kang krungu nganti sayojana, aruming jeneng ngambar-ambar salumahing bumi (dialembana).

Pituduh 088
Golek jodho aja mung mburu endahing warna, senajan ayu utw bagus.

Wewaler 089
Aja ngaku wong tuwa lamun wong tuwamu katon sugih lan dhuwur drajade, jalaran pangkat lan bandhane wong tuwamu iku mau bisa sirna sadurunge sira warisi.

Wewaler 090
Aja gampang nyepatani anak nganggo tembung kang ora prayoga, jalaran sepatane wong tuwa bisa numusi sarta bisa ngilangake rass bektine anak marang wong tuwane.

Wewaler 091
Aja menehi jeneng marang anak sing kurang pantes, jalaran jeneng sing disandhang anak bakale kagawa nganti delahan (akherat).
KADONYAN
Pituduh 092
Bandha kang resik iku bandha kang saka nyambut karya lan saka pametu sejene kang ora ngrusakake liyan. Dene bandha kang ora resik iku bandha colongan utawa saka nemu
duweking liyan kang kawruhan sing duwe.

Pituduh 093
Kadonyan kang ala iku ateges mung ngangsa-angsa golek bandha donya ora mikiraka kiwa tengene, uga ora mikirake kahanan batin.

Pituduh 094
Golek bandha iku samadya bae, udinen katentreman njaba njero.

Pituduh 095
Bandha iku anane mung aneng donya, mula yen mati ora digawa.

Pituduh 096
Wong golek kemakmuran iku ora kalebu ngoyak kadonyan.

Pituduh 097
Bandha iku gawe mulya lan uga gawe cilaka. Gawe mulya lamun saka barang kang becik, gawe cilaka lamun saka barang kang ala.

Pituduh 098
Wong urip aja tansah kepingin bandha bae, jalaran kasugihan iku ing samangsa-mangsa bisa gawe cilaka.

Pituduh 099
Sing sapa tansah ngegungake pangkate, wirang lamun ana owahing jaman.
Síng sapa ngegungake bandhane, wirang lamun sirna bandhane.

Pituduh 100
Dhek jaman kuna perang iku rebutan bandha, negara, lan mboyong putri. Nanging jaman iku ilang bareng wis ngerti menawa wanita boyongan mau bisa gawe ringkihing nagara.

Wewaler 101
Bandha iku perlu nanging aja diumuk-umukake, drajad lan pangkat iku perlu, aja dipamèr pamerake, jalaran bisa mlesedake awake dhewe.

Wewaler 102
Aja melik darbeking liyan, marga rebutan rajabrana lan wanita iku bisa gawe congkrahing para sujana lan gawe nisthaning ati.

Wewaler 103
Aja seneng mamerake bandha lan ngegungake pangkat, sebab bandha bisa lunga, drajad/pangkat bisa oncat.

Wewaler 104
Aja seneng marang wong kang nguja hawa napsu marga akeh bandhane. Jalaran bandha mau bisa gawé cilaka amarga durung mesthi bandha kang resik.
MEMAYU HAYUNING PRIBADI
Pituduh 105
Ing samubarang gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh banget ambekalane sIng ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget, “Menawa manungsa iku pancen wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane Pangeran Kang Maha Wikan”.
Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi bab-bab síng durung kelakon. Saupama nyumurupa, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal murihake bilahi.

Pituduh 06
Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan : “Sabar iku kuncining swarga”, ateges marganing kamulyan. Sabar, lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan andadaraning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki.

Pituduh 107
Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir. Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjúr rumangsa “Sapa sira sapa ingsun”, tansah ngendelake panguwasane tumindak degsura marang sapadha-padha. Élinga yen bandha iku gampang ilang (sirna). Pangkat sawayah-wayah bisa oncat.

Pituduh 108
Saiba becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku tansah eling gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing. Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa hayuning jagad.

Pituduh 109
Aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihanmu, apa maneh mamerake kasugihan lan kapinteranmu. Yen anggonmu ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku ngengon awakmu dadi ora aji. Luwih prayoga turuten pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes mesthi tumelung, kang ndongak mracihnani yen kothong tanpa isi.

Pituduh 110
“Rumangsa sarwa duwe” lan “Sarwa duwe rumangsa”, iku yen ditulis genah mung diwolak-walik bae, nanging surasane jebul kaya bumi karo langit. Sing kapisan nuduhake watak ngedir-edirake, wengis satindak lakune (polahe), yen nggayuh pepenginan ora maelu laku dudu, samubarang pakarti nistha ditrajang wani. Dene sing kapindho pakartine tansah kebak welas asih, wicaksana ing saben laku, rumangsa dosa samangsa gawe kapitunane liyan.

Pituduh 111
Nadyan wesi iku kanyatane atos, ewa semono yen iís ketrajang ing taiyeng ya bakal entek gripis. Semono uga tumraping wong kang kataman rasa meri, atine mbaka sethithik uga bakal gripis, awit rumangsa yen awake tansah apes, saengga kelangan greget lan lumuh makarya.
Wusanane pepes atine kentekan pengarep-arep.

Pituduh 112
Yen sira sacara badaniyah lan rohaniyah tetep kepingin bagas kuwarasan, tansah elinga rong prakara iki :
1. Tansah jaganen sakehing samubarang kang nedya sira lebokake ing tutuk, dithinthing luwih dhisik apa bakal gawe rusaking raga apa ora.
2. Kulinakna mikir luwih dhisik samubarang kang arep sira wetokakesaka tutuk. Lire pikiren luwih dhisik klawan mateng apa kang bakal sirawetokake iku ora malah gawe kuceming awakmu dhewe, nglarani atining liyan apa ora. Dene yen ora ana paedahe luwih becik aja kok kojah amrih ora nandhang piduwung.
Pituduh 113
Digendhongana dikuncenana kaya ngapa, nanging wong iku yen wis tinakdir tekan janjine utawa ajale, mangsa bakal wurunga. Iki maneh peling kita, yen kita manungsa mono ing atase badan lan umure dhewe ora kuwasa. Apa maneh sing mung wujud barang sampiran kayadene drajad semat lan pangkat, kaluhuran, kasugihan, lan kalungguhan. Mula saka iku aja kibir, jubriya lan aja sok dumeh. Awít isih ana panguwasa liya (Gusti Allah) kang luwíh kuwasa.

Pituduh 114
Ngombe lan memangan yen tanpa taker lan tanpa pilih-pilih iku pancen bisa nekakake bilahi.
Mula nyandhet ubaling kepinginan ngombe lan memangan kang kaya mengkono mau wis ateges sawijining pamarsudi nyegah karusakaning jiwa lan raga. Wondene sranane kang prayoga yaiku pasa sing mengku ancas pupur sadurunge benjut nyingkiri sadurunge bilahi.

Pituduh 115
Kamulyan lan kanikmataning urip wong-wong kang sugih dituku mawa tangising rakyat kang mlarat.

Pituduh 116
Kang kinaran janma kang wis kadunungan cipta kang wening iku, yaiku sapa kang wis temen-temen mantep pangidhepe marang Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wong kang kaya mangkono mau samangsa nindakake pakarti apa ta apa tansah linambaran ati kang sarwa tepa tulus, kabeh-kabeh amang akarana Allah. Ora cilík ati, gedhené ngrasa owet ing kalane wohing panggawene mitunani awake dhewe, nanging bisa gawe raharjane sesamaning dumadi. Kosokbaline wong kang nindakake pangibadah nanging isih ndarbeni pepinginan supaya diweruhana lan digawokana dening Allah, iku pratandha yen pangidhepe lan pangibadahe durung akarana Allah.

Pituduh 117
Pambudidayanira manembah marang Pangeran iku prayogane aja sira anggo sarana ngalab tumuruning peparinge, nanging mligiya nindakake panembah mung saka niyat manembah.
Awit wong kang nyenyadhong sihing Pangeran sarana laku panembah kathik banjur nyata kaleksanan panyuwune, ing adat wong mau banjur dadi kethul kawaspadane marang kaluhuran lan keagungane Kang Murbeng Dumadi. Aran isih begja yen ora banjur dadi wong jubriya seneng nyepelekake marang sesamaning
dumadi.

Pituduh 118
Ana sawenehing wong kang duwepenganggap menawa nyenyuwun sihing Allah iku ora ana gawene. Awit Gusti Allah iku adil lan Maha Wuninga saengga ora bakal peparing marang wong kang ora pantes nampa ganjaran, nanging wong mau sajak lali yen Gusti Allah mono Maha Welas lan Maha Asih. Uga ana sawenehing wong kang ora precaya marang anane Gusti Allah, presasat uga ora precaya marang anane dhewe, dene nganti awake lair ana ing donya.
Nanging yen wong mau nandhang reribed lan nalare wis pantog, adate tuwuh osiking atine yen Pangeran iku ana malah banjur disesuwuni.

Pituduh 119
Wong kang kulina ngeningake ciptane kang resik ing wayah esuk, lawas-lawas banjur bisa ngeningake ciptane ing wayah bengi uga, lan sangsaya lawas maneh bisa ngeningake cipta ing wayah apa bae lan ing ngendiya bae. Nanging sabarang pratingkah iku bisa dadi pakulinan manawa katindakake kanthi ajeg, sarana panglantih kang tumemen lan ora bosen.
Klawan mangkono sabarang kang maune rinasa rekasa lan abot, bakal sirna.
Mangkono uga ana bedane yen kita kepingin nanem wiji kautaman, iya kudu kita gladhi tanpa bosen.
Pituduh 120
Yen pinuju wayah bengi langite terang banjur tumengaa ing tawang, kita bakal nyipati saperangane gelaring alam, abyoring langit kang sumilak sinebaran lintang-lintang pating krelip, gedhe cilik kaya wis sengadi tinata panggonane, angin sumilir ngobahake kekayonan lan gegodhongan kang ngandhut aruming gandane kekembangan. Sing kaya mangkono sayekti bisa nuwuhake rasa pangrasa tentrem ing ati kita. Nanging luwih saka iku, apa sing kaya mangkono mau ora ngosikake kita tumrap kaluhuraning Kang Maha Agung kang wus mranata sakabehing mau?.

Pituduh 121
Tumraping wong mursid yen pinuju kambah ing prihatin, nolah-noleh ngiwa nengen wis ora ana pitulungan maneh kang bisa diarep-arep tekane. Parandene ora bakal koncadan ing pangarep-arep. Awit wis mangerti menawa tambane prihatin kang ampuh iku ora liya kejaba : sabar. Sabar lan tawakal nyenyuwun kanthi temen-temening ati marang kamurahaning Kang Maha Kuwasa kang ngregem sakabehing mobah-mosiking jagad saisine.

Pituduh 122
Ala-alaning kelakuwane wong ora kaya kang sinung watak “Sapa sira sapa ingsun”. Marga sendhenan kaluwihane, embuh kekuwasaane, embuh karosan, seneng tumindak sawenang-wenang marang kalahane kang wis tita ora bakal kumawani mancahi gedhene nganti wani mbandakalani kekarepane. Wong kang nduweni sesipatan kaya mangkono mau prayoga enggal ngelingana menawa laku jantraning jagad mono wis kinodrat cakra manggilingan; sing wingi ana ngisor dene sesuk gilir gumanti bakal ngerehake.

Pituduh 123
Saben dina kita ajeg reresik badan lan penganggo, kajaba amrih bagas kuwarasan uga katon apik lan ngresepake. Iki pakulinan kang apik. nanging luwih prayoga maneh yen jroning ati banjur katuwuhan osik : apa saben dina kita uga reresik lan ngupakara batin lan jiwa kita amrih sangsaya apik lan sangsaya resik saka sakehing rereged saka anane cacad-cacad lan panggodha.
Sebab yen badan wadhag kang kena ing rusak iku kita gemateni, geneya jiwa kita kang asipat langgeng malah kita lirwakake pangupakarane?.

Pituduh 124
Sumendhe ing takdir iku dudu sipate wong kang seneng ulah luhuring kebatinan, nanging dadi watake wong kang lumuh tumandang gawe lan cupet nalare. Luhuring kebatinan kudu tansah jumbuh lan laras karo ajuning kawruh lair. Lire, kebatinan kang luhur iya kudu bisa ngujudi pakarti kang luhur uga, kang bisa njunjung lan mulyakake drajading nusa lan bangsane.

Pituduh 125
Saka kayungyuning manungsa marang bandha, semat lan drajad anggone migunakake nganti kerep nglirwakake kautaman, nglalekake jejering kamangnungsan. Uripe prasasat kaesok kabeh ana ing kono. Ora ngelingi kepriye wusananing dumadi. Ing jagad pancen ora ana wewaler wong nglumpukake bandha rajabrana, janji pikolehe manut dalan kang bener lan dipigunakake minangka prabot prenataning jagad.

Pituduh 126
Urip tanpa gegayuhan luhur, bebasane kaya lelawuhan tanpa uyah, sepa tan mirasa.
Gegayuhan bisane kasembadan kudu sinartan ngelmu, jalaran ngelmu mono pancen sangune ngaurip, wondene ngelmu iku tinemu ing laku lan tandang. Sakehing tandang ora becik kelakone yen ora mapan. Lire, bisowa tansah ngelingi marang jantraning kahanan. Wong kang tandang tanduke mapan, angel kepepete, jalaran yen mapan mesthi cepak waspadane. Dene waspede mono sirikane mele lan adoh saka bebendhu.
Pituduh 127
Sakabehing tumindak iku panimbange manut kawusanane. Mula murih bisane sampurna, sabarang kang bakal dilakoni lan ditindakake iku luwih dhisik thinthingana lan pilah-pilahna ala becike kanthi weninge nalar/pikir. Yen wis, tumindake kanthi duga lan prayoga, sarta mawa tepa tuladha. Lire, sabarang patrap mau upamakna tumrap awake dhewe, ilangna pangira-ira tumrap awake liyan kang durung disumurupi. Elinga, sapa kang arep mbecikake alam donya iku, kudu mbecikake awake dhewe luwih dhisik.

Pituduh 128
Ciri-cirine jiwa kang isih kothong mono bisa dititik saka ulat praupan, tutur wicara, lan tingkah lakune kang ora nate gelem kalah. Sabarang tindak-tanduke kepingin unggul lan mamerake kaluwihane, ora angger kaluwihan bisa kanggo ngadhepi bebaya lan ngentas saka papan cintraka.
Kaluwihan kang tanpa dilandhesi kautaman, kena diumpamakake kayadene wedhak pupur sing nempel ing njaban kulit bae, ora bisa tahan suwe lan gampang luntur marga saka pakartine dhewe, awit nerak dhasar-dhasar bebener lan kasucian.

Pituduh 129
Saben tumindak sejangkah ngilowa marang kinclong-kinclonge banyu samudra sing suthik kanggonan sangkrah, jalaran sakehe uwuh mesthi disingkirake minggir. Saben makarya sapecak, tuladhanen pakartine banyu tritisan, nadyan tumetes mbaka satetes, ditindakake kanthi ajeg keconggah mbolongake watu sing atose ngluwihi waja.

Pituduh 130
Sapa kang bisa nelukake mungsuh-mungsuhe, dheweke diarani kuwat. Ananging sapa kang bisa nelukake awake dhewe, iya dheweke iku kang luwih kuwat maneh.

Pituduh 131
Samangsa lagi ngadhepi urip rekasa prayogane adhepana klawan esem gumuyu. Awit iku wus wujud senjata kang bisa gawe enthenging sanggan lan bakal numusi muluring pikir.
Nanging yen penandhangmu mau tansah kok adhepi kanthi ulat kang suntrut adhakane kowe bakal kentekan pikir kang wening, wusanane dadi nekat nuruti pokal kang nerak bebener.

Pituduh 132
Sapa kang nganggep apa bae gampang, mesthi bakal nemu akeh rubeda. Sapa kang gampang janji, iya kuwi kang arang netepi.

Pituduh 133
Urip tegese mbudidaya ngetog tenaga (berjuwang). Urip nikmat tanpa angin prahara padha karo segara kang mati. Aku luwih seneng ditendhang, dilawan dening nasib, tinimbang diugung.

Pituduh 134
Laku jujur kuwi padha karo dhuwit kang bisa laku ing ngendi bae.

Pituduh 135
Kang becik lan ala, kabeh mesthi nampa pikoleh, senajanta kadhang-kadhang nampane cepet, kadhang-kadhang alon.

Pituduh 136
Wong kang kinaranan berbudi iku, yakuwi wong sing rumangsa tambah kasiksa yen nyumurupi sapepadhane nandhang papa lan kasangsaran. Runtuhe rasa welase adate banjur sinusul sarana cucule prabeya lan barang darbeke. Nanging pancen angel golek-golekane wong sing kaya mangkono iku. Buktine ora sethithik wong sing mati merga kewaregen, apamaneh wong sing mati amarga kaliren.

Pituduh 137
Manungsa kuwi dadine becík miwiti saka njero menjaba.

Pituduh 138
Kang waspada marang awakmu dhewe jalaran iya awakmu dhewe kuwi kang mujudake mungsehmu kang paling gedhe.
Pituduh 139
Manungsa kang mung ngelingi marang pakartine pancadriyane mono bakal tansah kasinungan rasa dhemen utawa sengsem. Saka Rasa Dhemen banjur kathukulan rasa melik, saka rasa melik munggah dadi nafsu, saka nafsu banjúr nasar pakartine lan sirna bebudene sing wekasane tumiba ing papa, nandhang kasangsaran.

Pituduh 140
Wong juweh, kawruhe tumempel ing lambe, kumrecek ngebaki ing pasamuwan, katut samirana mrana-mrene. Beda karo wong meneng, kawruhe sumimpen ene ing ati wening.
Wetune ora sarana lambe, nanging katampanan ing pucuking pen, mili amber ing kertas putih, rinasakake ing wong sajagad.

Pituduh 141
Amrih urip kita tansah nemoni rahayu, aja kendhat nggegulang nandur cipta utama sajroning ati sanubari kita sinartan panyuwunan kang mantheng marang Gusti Kang Maha Welas lan Maha Asih, muga pinaringan nugraha bisa ndarbeni ati kang wening lan jiwa kang utama.
Pancen ora gampang wong ngudi bisane kasinungan cipta utama ngelingi menawa manungsa ono mula wis keserenan sipat apes lan lali. Sok ngonowa yen ta sawise nandhang apes lan lali banjur gumregah maneh pangudine apa dene ora kendhat ing panglantihe mantepa ing keyakinan yen Gusti Allah ora bakal ora ngudaneni panyuwun kita.

Pituduh 142
Kawruh lan “Ilmu pengetahuan” iku mung bisa digayuh lan dikuwasani kanthi laku kang laras karo apa kang diwulangake. Lire, ajaran teorine kudu bisa dicakake lan ditrapkake kanggo karahayoning bebrayan. Wondene lakune mono kudu sinartan tekad kang gilig lan kekarepan kang tulus lan mantep kinanthenan kateguhaning iman, kanggo ngadhepi sakehing panggodha sarta nyingkiri sikep laku kang sarwa dudu.

Pituduh 143
Banyu iku bisaning bening yen wis menep. Sanadyan maune buthek, nanging yen wis menep, iya banjur bening. Semono uga tumrap pepinginan utawa gegayuhan yen diudi nganti katog lan menep ing tembe uga bakal kasinungan sifat bening. Lire, nadyan pepinginan lan panggayu bisa kaleksanan klawan tumuli, ewa semono yen ditlateni suwening suwe uga bakal kasembadan.

Pituduh 144
Yen kepingin nglungguhi pangkat kang dhuwur luwih prayoga yen dikawiti saka kalungguhan kang endhek dhewe. Awit klawan mengkono ing tembe kowe ora bakal gampang disepelekake dening bawahanmu. Lan kang utama yaiku kowe nuli bisa madeg dadi pemimpin kang bisa nglungguhi ing kawicaksanan, adoh saka watak degsura, anane mung sarwa kebak rasa tepa salira.

Pituduh 145
Ginubel dening rasa “Tansah kurang marem” marang asiling pakaryan utawa jejibahan kang diayahi, sauger ora ngangsa-angsa, sayekti malah dadi pamecut kang becik kanggo luwíh maju.
Nanging yen rasa tansah kurang marem mau ngenani wuwuhing donya-brana, ora beda kayadene reridhu sing esthine mung tansah rinasa kayadene pasiksane ngaurip.

Pituduh 146
Elinga, mbesuk yen wis tumekaning janjine ora kena ora, badan wadhag lan sabarang kalir kang kita darbeni iki bakal kita tinggalake kabeh, ora ana kang kita gawa menyang alam kalanggengan. Mula aja banget nggonira katrem marang kadonyan. Apa maneh, sapa kang tansah ngegul-egulake marang donya branane lan gandrung marang pepinginan kang ora langgeng, esthine ora bakal bisa nemokake kahanan kang bisa gawe langgenging kasenengan lan katentremaning ati.
Pituduh 147
Batiné wong kang bisa ndarbeni ati nriman iku tansah ayem lan tentrem, marga satingkah laku tansah linambaran keyakinan kang kandel marang kadar peparinge Pangeran. Nriman ora teges wis marem apa anane, nanging suwalike kepara malah sungkan meneng. Mung bae ora grusa-grusu kaya tumindake wong kang nduweni sipat ngangsa-angsa kaya ora gelem ngakoni karang anane pandum.
Pituduh 148
Abot-aboting coba tumraping ngaurip iku malah ora kaya wong kang lagi kebyukan sihing Gusti Allah. Yen lulus saka pandadaran bisa dadi manungsa kang kajaba gedhe sih kadarmane uga wicaksana lair batine. Nanging yen ta ora teguh imane, wong kang lagi kabombong ing donya arta lan keladuk rumangsa sarwa kuwagang mbendung segara njugrugake gunung mau istingarah bakal koncatan kawaspadane. Kejaba lali marang sangkan parane uga lali yen sakehing drajat lan semat dalasan tekan nyawane dhewe pisan iku mung lugu barang titipan kang sawayah-wayah bisa dipundhut bali dening Kang Kagungan.
Pituduh 149
Ambudidayaa ing bandha manut sakatoging tenaga nanging aja lali kinanthean tead lan seya ye sapeangan bakal kita tanjakakekanggo nindakakepangibadah. Élinga ye pati iku lawanging akheat, denelaku ngibadah iku kang bisadadi sarana nggampangake manungsa tumekane marang ing lawang mau kanthi rasa pangrasa tobat lan sumarah.Suwalike, jiwa raga kang ora kanggo tobat nalangsa ing Gusti Allah iku ora beda kaya anggana bandha kang ora dijakati lan ora ditanjakake kanggo penggawe kabecikan.

Pituduh 150
Yen sira pinuju nandhang bagas kuwarasan, elinga yen nalika kena ing lara, suprih sira tetep bagas kuwarasan kanthi sesirik prakara-prakara kang mbiyen nyebabake lara. Yen ing nalika sugih, elinga yen kena ing pekir, lekas sing kaya mengkono mau kanggo ngawekani amrih sira ora gampang kadunungan pikiran seneng pamer lan sesongaran. Kawruhana, iku kepara nuduhake pratandha yen dheweke iku sejatine wong kang tuna ing rasa welas asih lan miskin ing kawruh.


http://alangalangkumitir.wordpress.com/

No comments:

Post a Comment