KETUHANAN
Pituduh 151
Kita
manungsa iki ora kena tansah ngantu-antu tekane wektu kang becik, jer
wektu kang becik iku sejatine kudu kita dhewe sing gawe. Kita kudu
tansah eling yen sabarang tingkah lan tanduk kita ing dina kang siji iku
nggawa keputusan tumrap dina sijine. Dene dina kang pungkasan iku kang
mutusake sakabehing wektu lan dina-dina kang wis kapungkur. Mula
sadurunge kita umapak marang dina pungkasaning urip, dipadha bisa
nglungguhi marang jejering urip manungsa.
Pituduh 152
Wong
nandhang lara mono akeh sing merga anggone ngombe lan memangan kliwat
taker lan tanpa pilíh-pilíh. Mula kanggo nyandhet ubaling hawa marang
bab sakarone mau, dibisa marsudi nyuda nuruti kecaping lidhah sarana
nglakoni pasa kang mengku ancas nyingkiri sadurunge katamaning bilahi.
Pituduh 153
Wong
kang lagi kasinungan kabegjan lan kamulyan iku dibisa marsudi amrih
langgeng, aja banjur kalimput watak jubriya lan sembrana sing sisip
sembire bisa kejlungup tiba ing kasangsaran. Yen wis mangkono mung rasa
getun lan piduwung sing kari ing pamburine.
Pituduh 154
Hawa napsu lan watak angkara iku sawutuhe manjing ing dhiri pribadine dhewe-dhewe.
Yen diumbar ngrebda bakal gawe “Bencana lan kasangsaran”. Suwalike yen
bab mau bisa dikendhaleni bakal njílma dadi watak “Sabar lan prasaja”,
tulus eklas aweh pangapura marang sapadha-padha sing gawe kaluputan.
Pituduh 155
Tapaning
ati iku mung temen, yen tapaning nyawa mung eling. Sing sapa bisa eling
sedina sepisan bae, adate barang kang sinedya bakal ana. Sing sapa
temen salawase, kabeh pangajabe bakal kecandhak. Dene kang aran
sejatining katemenan iku sakabehing pakarti kang ditindakake klawan
madep mantep tanpa mandheg-mangu lan tolah-toleh, saengga sabarang
kekarepane bakal ginayuh.
Pituduh 156
Wong
iku yen lagi nandhang lara lagi bisa ngrasakake sepira mungguh begjane
wong kang kanugrahan awak kang tansah kuwarasan. Nanging suwalike, wong
sing awake seger waras lumrahe lali rekasane wong lara. Sangsaya adoh
kelingane, sangsaya cedhak anggone ngumbar hawa nuruti pepinginane
mripat, ilat, lan telih (wadhuk, weteng) kang sejatine ngajak marang
rusaking raga. Mula prayogane tansah elinga perihing lara kanthi
nggemateni kanikmatan kang wis diparingake dening Gusti Allah tan kena
kinayangapa ajine, yaiku wujud awak kang bagas kuwarasan.
Pituduh 157
Manungsa
pinaringan dening Pangeran peranganing awak kang kalarasake karo
gumelaring bebrayan. Pinaringan mripat loro, perlune supaya akeha kang
dideleng, ya kang ngenani uber ingering alam, ala beciking kahanan, lan
owah gingsiring jaman. Lire, supaya linarasna kanthi lantiping
panggraita. Pinaringan kuping loro, murih akeha swara kang dirungokake,
nuli kathinthingana lan kasaringa kanthi lungiding panyipta lan alapen
kang aweh pakoleh.
Pinaringan tangan loro, sikil loro, supaya akehe kang ditandhangi, pilihen kang murakabi kanggo bebrayan agung.
Pituduh 158
Pancen
ora ana wewaler ing jagad iki tumraping wong kang nglumpukake donya
brana. nanging kita kudu tansah eling yen donya brana mono dudu
panggonane kalanggengan.
Nabi Muhammad wus paring sabda : “Ora prayoga ninggalake kadonyan marga
nglakoni akherat. Nanging jeneng wong kang nistha sapa kang ninggalake
bab akherat marga mung golek donya brana tanpa waspada marang
pungkasaning dumadi.”
Pituduh 159
Brangating ati sabisa-bisa kendhalenana, aja diububi nganti muntab dadi ubaling nepsu.
Kayadene nyirep geni sarana lenga. Napsu amarah mono isih tetep bakal
tansah mbebedhag selawase yen ta ora kinanthenan pikiran kang menep, lan
ati kang eling.
Elinge ati lan meneping pikir bakal numusi mulure budi kang tundhone bisa dadi panyirep sakehing pakartining setan.
Pituduh 160
Wong
kang ringkih iman lan batine bakal gampang dadi jujugane durjana
apus-apus kang pating sliwer golek mangsan. Pirang-pirang kehe wong
kaselak percaya rembug pangiming-iming ora pinikir bakal kedadeyane ing
tembe. Wusanane nandhang kapitunan lan kena ing apus.
Mula ditansah waspada, aja lirwa ing kaprayitnan.
Pituduh 161
Samangsa-mangsa
thukul pletiking pikir kang kasarung dening ubaling nafsu ala, yogyane
sumenepna sauntara. Yen bisa kaya mangkono karan wong wicaksana, jalaran
kejaba bisa ngleremake ati kanthi meneping pikirmu uga bakal keconggah
nyirep ubaling nafsumu mau.
Wusana rahayu kang tinemu merga bisa sumingkir saka memala kang teka arep ngreridhu awakmu.
Pituduh 162
Wong
kang sengsara uripe jalaran ana rong warna. Kapisan saka kaluputane
dhewe, kang kapindho merga saka pokale dhewe. Sing kapisan iku
paribasane tanem tuwuh kang tansah kodanan lan kepanasan ora diopeni,
dene sing kang kapindho paribasane tanem tuwuh kang tansah diapek asile
nganti ora kober thukúl godhonge.
Pituduh 163
Yen
sira urip ing alam donya iki rumangsa nampa pandum kesethithiken iku
wis dadi pepesthene uripmu, ora perlu mbok murinani. Pamurinamu prayoga
lipuren sarana mawas lelabuhanmu dhewe, jer lelabuhan ing alam donya
mono dadi trajuning akeh sethithike pandummu.
MEMAYU HAYUNING BUDI LAN TEKAD
Pituduh 164
Yen
gelem nalusuri sejatine ora sethithik piwulang lan pitutur becik kang
malah kita tampa saka wong-wong gawane nacad lan ora dhemen marang kita,
katimbang mitra katruh raket kang tansah ngalembana. Awit panacad bisa
nggugah kita nglempengake laku, dene pangalembana kepara bisa nyababake
wong kerep dadi lali.
Pituduh 165
Manawa
kowe durung mangerteni marang bab kang kok anggep ora becik, aja kesusu
ngatonake rasa sengitmu, gedhene nganti maoni lan nglairake panacad.
Awit kawruhana yen pikirane manungsa iku tansah mobah-mosik lan
molak-malik. Apa kang kok kira ala lan kok gethingi iku ing tembe mburi
bisa malíh kok senengi, kepara malah bisa dadi gantungane urípmu.
Pituduh 166
Karepe
wong nyatur alaning liyan iku beteke mung arep nuduhake becike awake
dhewe. Yen sing diajak nyatur wong kemplo, pamrih sing kaya mangkono
mesthi katekane. Nanging tumraping wong mursid : “Wong kang ngumbah
rereged ing awake sarana migunakake banyu peceren malah saya nuduhake
blentonge pambegane”.
Pituduh 167
Tembung
kang prayoga kang kelair mung marga kadereng dening dayaning hawa napsu
iku pancen sakala iku bisa aweh rasa pemarem. Nanging sawise iku bakal
aweh rasa getun lan panutuh marang dhiri pribadine dhewe kang satemah
tansah bisa ngrubeda marang katentremaning pikir lan ati. Guneman
sethithik naging memikir akeh iku kang tumrape manungsa bisa aweh
katentreman lan krasa marem kang gedhe dhewe.
Pituduh168
Siji-sijining
dalan amrih kaleksananing gegayuhan, yaiku makarti kang sinartan
kepercayaan lan keyakinan menawa apa kang sinedya mesthi dadi. Yen kita
mung kandheg ing gagasan lan kukuhing karep bae, tanpa tumandang lan
makarya minangka srana panebuse, wohe ya ora beda kaya dene ing
pangimpen. Cilakane maneh, yen selagine nganggit-anggit mau wis kaselak
ngrasakake kanikmatane ing pangangen-angen, wusanane dadi lumuh ing gawe
lan wedi ing kakewuh (wedi kangelan).
Pituduh 169
Ora
beda karo rob lan suruding segara, kahanan uriping manungsa iku uga ora
bisa uwal saka bungah lan susah. Kang perlu dicilengi ing kene yaiku
aja kaselak kebacut kerem kalimput ing kabungahan lan aja kaselak
gampang angles yen lagi kapinujon apes. Awit kasusahan iku sok malah
bisa ngentas kita saka kaluputan lan kabodhowan, sauger insyap marang
dhirine lan ora mupus, apadene tansah percaya marang Kang Kagungan
Panguwaos.
Pituduh 170
Menangi
jaman rebutan rajabrana, akeh wong kang padha kalimput, melu-melu
tumindhak nistha. Ora eling yen sejatining urip ing donya iku ora
ngupaya rajabrana bae, nanging uga mangesthi kamulyan ing tembe. Urip
ing satengahing godha rencana, nanging tetep tumindak utama, presasat
tapa ing satengahing coba. Sapa kang santosa ora bakal tumindak sasar.
Mula tansah ngugemana sebuting pitutur : “Sabegja-begjane kang lali
nganti kelu penggawe sasar, isih begja kang panggah eling lan waspada
tetep ing panggawe utama”.
Pituduh 171
Yen
sira kasinungan ngelmu kang marakake akeh wong seneng, aja sira malah
rumangsa pinter, jalaran menawa Gusti Allah mundhut bali ngelmu kang
marakake sira kaloka mau, sira banjur kaya wong seje (owah), malah bisa
“Aji godhong jati aking”.
Pituduh172
Sapa
kang katrem merga lagi pinaringan kekuwasaan iku sejatine malah dadi
sumbering dununging wong lali, gampang lirwa ing kaprayitnan, lan
gampang kapilulu ing pakarti dudu.
Awit yen lagi kuwasa, adhakane banjur ngangsa-angsa kegedhen panjangka.
Kanggo nggayuh panjangkane, sakehing cara ditempuh. Ora maelu senadyan
nganti mentala gawe sangsarane mitra karuh. satemah mung dadi leletheg
kang luwih aji uwuh.
Pituduh 173
Ilat kuwi sawijining pedhang kang landhep, kang bisa mateni senajan tanpa ngetokake getih.
Pituduh 174
Ora
ana critane wong kejungkel iku marga kesandhung watu gedhe, sing mesthi
merga kesandhung watu sing cilik.Yen tatuwa ya marga saka watu
krikil-krikil sing lancip-lancip.
Bab mau aweh pituduh supaya kita aja nyepelekake marang barang sing
katone sepele ora mingsra, naging sejatine kepara malah gampang dadi
dhadhakane wong njungkel njempalik tiba ing papa.
Pituduh 175
Wong sugIh sing lumuh kelangan bandhane nadyan kanggo keperluwane dhewe
iku ora liya sababe marga tansah kuwatir yen dheweke tiba ing
kemlaratan. Nanging ora ngertiya yen dheweke ing wektu iku sejatine wis
padha karo wong mlarat. Uripe kepara luwih sangsara katimbang wong
kesrakat, kang batine tansah ora narimakake marang adiling Kang Murbeng
Dumadi.
Pituduh 176
Dereng
nedya pamer utawa riya iku terkadhang muncule dadakan kaya-kaya tanpa
rinasa ing nalika kita pinuju sesrawungan karo wong liya. Mula prayoga
kita tansah waspada ngendhaleni dhiri. Dene kang kinaran dereng utawa
nafsu seneng pamer kang gampang dineleng lan sineksen dening wong liya
iku aran riya kang pratela (cetha), utawa ngedheng. Becik kita singkiri.
Wondene dereng sajroning laku panembah, arang kang disumurupi wong liya.
Luwih-luwih yen lagi kapinuju ana ing papan kang sepi. Sok ngonowa
elinga, yen Gusti Allah iku tansah ngudaneni.
Pituduh 177
Kabeh
salakune (tumindake) wong bodho iku esthine nggawe hikmah lan piwulang
becík tumraping wong kang ahli budi. Awit saka samubarang kang ora becik
kang dilakoni wong bodho dening para ahli budi banjur kari ngemohi lan
dadi pandoming urip kang perlu disiriki lan disingkiri. Suwalike wong
bodho sungkan nyuplik lelakon becik kang dialami para ahli budi.
Mula ora jeneng aeng yen akeh para bodho sing uripe tetep kasurang – surang lan para ahli budi kang tansah rahayu ing uripe.
Pituduh 178
Aja
sok rumangsa tinitah apes nganti gawe pepesing sêmangatmu. Malah
prayoga dinarima marang apa kang wis sira tampa saka kanugrahaning Gusti
Kang Maha Kuwasa.
Awit ngelingana menawa ora kurang-kurang titah kang luwih cingkrang lan
luwih cacad tinimbang sira, suprandene dheweke babar pisan ora kawetu
nutuh marang Gusti Allah. Kang mangkono mau ora liya marga saka kandele
imane lan yakin marang kwadilaning Pangeran Kang Maha Kuwasa marang
sakabehing lelakon kang dumadi ing jagad raya iki.
Pituduh 179
Ngalembana
lan panacad iku padha bae panindake. Lire, tarikane napas padha,
kedaling ilat padha lan obahing lambe ya padha. Sok ngonowa najan
rekasane utawa gampange padha, nanging oleh-olehane utawa wohe sing ora
padha. Ing ngadat kejaba sok adoh sungsate, uga malah sering kosok
balen. Sing siji bisa ngraketake paseduluran sijine padha bae karo golek
dadakan nandur rasa memungsuhan.
Pituduh 180
Aja
ndarbeni pepinginan dadi wong kang linuwih kang ngandhut idham-idhaman
supaya sarembuge diandela wong akeh. Luwih prayoga tansah njaga bae
barang rembugira kanthi becik, patitis lan maedahi. Karo maneh tindak
tanduk kang ngresepake, luwih-luwih kang bisa aweh paedah marang wong
liya iku ajine ngungkuli sakehing pitutur kang ndhakik-ndhakik nanging
kang durung kabukten ana ing panindak. Mula kuwi tansah udinen amrih
wetuning rembug “Keplok lumah kurepe” karo tindakira.
Pituduh 181
Kang
kinaran manungsa winasis yaiku wong kang wis kaconggah mbenerake tindak
kang mlenceng. Dene asor-asoring budine manungsa iku ora kaya wong kang
mlencengake tindak kang wus bener. Adate sipat kaya mangkene iki thukul
marga kasurung dening ati drengki srei.
Kamangka sapa kang ngadani ati drengki lan panasten iya ing wektu iku
dheweke wiwit nyiksa ing awake dhewe, lan uripe ora bakal bisa tentrem.
Pituduh 182
Samangsane
kowe diclatu wong kanthi sengak aja kok wales sanalika kanthi tembung
(rembug) kang sengak lan atos. Prayoga tanggapana mawa pakarti kang alus
lan sareh. Jer, ya klawan laku kang kaya mangkono iku, kowe bisa
ngendhakake watakkang panasbaran, lan bisa ngasorake sipat kang lagi
kasinungan iblis.
Pituduh 183
Ing
ngendi dununge pamarem lan katentreman ? Saking ungele mapanake rasa,
nganti meh ora ana wong rumangsa marem lan tentrem uripe. Sabanjure
banjur kepiye ? Iya kudu tlaten ngolah budi. Doh ana rasa meri lan
drengki amrih gorehing pikir bisa tansah sumingkír.
Pituduh 184
Tepa
slira lan mawas dhiri iku dadi obring laku nggayuh rahayu, minangka
jimat paripih umraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan
ngedohake watak drengki lan dak-wenang marang sapepadhane. Sregep mawas
dhiri ateges bakal weruh marang kekurangan lan cacade dhewe, saengga
wusanane thukul greged ndandani murih apike.
Pituduh 185
Kita
iki kejaba ndarbeni badan wadhag lan pancadriya, ana siji engkas darbek
kita kang ora kena ginrayang lan ora kasat mata, nanging ajine tan kena
kinaya ngapa, yaiku osiking ati kang ajeg ngelikake kita marang
lurusing laku samangsa kita ketaman pletiking cipta ala, munggahe
katuwuhan krenteg nindakake laku ngiwa. Mula poma-poma, tansah bisowa
ngrungokake osiking atimu, awit iku kang ngajak sapari-polahmu tumuju
menyang karahayoning uripmu.
Pituduh 186
Nggayuh kaluhuran mono ateges ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur.
Ya dhuwur ing bab lahire, uga ing batine. Lire, sing murakabi kanggo
dhiri pribadine, sumrambahe tumrap bebrayan agung. Sapa kang mung mligi
nggayuh kaluhuraning lahir bae, ateges mung mburu drajat, semat lan
pangkat. Durung aran jejeg uripe. Suprandene sapa kang mung ngemungake
kaluhuraning batin, ateges ora nuhoni jejering manungsa ing alam donya,
yaiku tumandang ing gawe.
Pituduh 187
Akeh
wong kang sadurunge nyoba ngayahi pagaweyan wis dipantok dhisik sarana
tembung “Ah, aku ora bisa”. Dayaning tembung “Ora bisa” satemah numusi
ora bisa temenan. Awit entek-entekane pocap mangkono iku ateges
ngapesake awake dhewe. Luwih dene maneh banjur lumuh ing pambudi.
Samubarang kang diudi ora bakal dadi. Kang ora diluru tangeh bisane
ketemu.
Mula percayaa marang dhiri pribadi. Ciptanen kanthi mantheng ing ati lan enggal makartiya.
Kekuwataning manungsa iku dumunung sajroning cipta, sauger sinartanan
pamarsudi klawan temen-temen. Dayaning cipta cetha bakal nekakake sedya.
Pituduh 188
Aja
sok nggresula !, Wruhana yen pangresula iku sawijining mala, dene
panggresah mono agawe bubrah. Yen wis nggresah padatane banjur lali
marang kewajibane kang kudu diayahi sarta kemba marang sadhengah
pakaryan. Síng sapa esuk-esuk wis sambat ngaru-ara ing bab ngrekasane
anggone urip, wong mau presasat mbutoni sumbering pangupa-jiwane dhewe.
Ora trima marang pandum peparinge Pangeran Kang Murbeng Dumadi.
Pituduh 189
Yen
kowe kepingin mulya uripmu, lakonan apa kang kok gagas-gagas rikalane
kowe nandhang sengsara utawa lara. Awit ing mangsa-mangsa kaya mangkono
mau manungsa banjur ketuwuhan budine kang murni, yaiku watak kang sarwa
kebak welas-asih lan ngerti sepira perlune wong kang tansah ambudi amrih
aja nganti nemoni kacingkrangan.
Pituduh 190
Wong
kang wis kinaran “sukses” iku, yaiku : wong kang wis ngetog kadibdyane,
ngudidaya nganti kecandhak gegayuhan lan idham-idhamane laras karo
kepinginane.
Tekane “sukses” durúng ateges tamating crita, nanging malah kudu tansah
luwih waspada, prayitna lan ngati-ati. Jalaran adhakane wong sing wis
“sukses” iku banjur kurang kaprayitnane, sembrana lan gumampang ing
sabarang tumindake, kang luput sembire bisa klenggak.
Mula sawijining “sukses” iku anggepan kayadene sawijining pandadaran kanggo lestarining penggayuh becik.
Pituduh 191
Saben
wong mono pancen nduweni nafsu. Awit tanpa nafsu wong ora bakal duwe
krekat kepengin maju. Mung bae wong kudu bisa milah-milahake nafsu endi
sing kudu dicandhet, lan nafsu sing kepriye sing kudu diunggar. Nafsu
kang bakal nekakake bilahi tumraping awake dhewe lan wong liya kudu bisa
dicandhet, dene nafsu kang perlu diunggar yaiku nafsu kang empane
tumuju marang karahayoning sapadha-padha.
Pituduh 192
Hukum
alam wis netepake, sapa kang nandur mesthi ngundhuh. Dene apa kang
diundhuh iya manut wijine kang ditandur. Yen sing ditandur winih
alang-alang, ing tembe iya aja ngarep-arep yen bisa bakal panen pari,
iku genah nyalahi kodrat. Mula mumpung isih esuk, nandura wiji cipta lan
penggawe kang becik-becik. Awit elingana, yen akeh sethithik anak putu
kita uga bakal katut melu ngrasakake pait getire wong kang bibite
ditandur dening wong tuwane.
Pituduh 193
Sapa
sing duwe panjangka kudu wani jumangkah, jer katekaning sedya iku mung
bisa maujud menawa dilakoni lan ora nyimpang saka katekadane. Karep lan
sedya, jangka lan panuwun, iku saumpama wong lelungan mono tumuju papan
kang arep diparani utawa dijujug.
Dene kekarepan iku kudu ana kanthine, yaiku
nalar utawa pecahing nalar. Jalaran kekarepan kang tanpa nalar iku ora
beda karo karepe bocah cilik. Kejaba tanpa teges, uga sok tanpa wasana,
satemah ora ana dadine.
Pituduh 194
Sebab-sebab
kang gawe ciliking ati lan cekleking semangat iku adhakane dumunung ing
gegambarane pikiran kang sarwa nguwatirake marang lelakon kang durung
kelakon, temahane pikiran dadi peteng, lumuh ihtiyar lan koncadan
gregeting makarya. Katimbang nyumelangake barang kang durung bisa
ginrayang rak luwih becik aja pegat ing ihtiyar kanthi nenuwun marang
sihing Kang Murbeng Kuwasa, jer iya mung Panjenengane kang murbawasesa
urip kita iki.
Klawan mangkono istingarah kowe ora bakal ngedhap ngadhepi sakehing lelakon.
Pituduh 195
Kerep
nggresah lan ngresula iku nuduhake karingkihane tekad. senajan
dingresulanan sedina ping pitulikur, ora bisa owah nasibe. Nggresah lan
ngresula iku padha karo sambat. Wong sambat iku kena bae, nanging yen
isih keduga aja dhemen sambat. Ngresula bisa dadi mala, panggresah bisa
gawe bubrah, dene pisambat iku dalane wong kang seneng mlarat, jalaran
sakehing gegayuhan kang disangkani sarana sambat mono adate mung
gayuk-gayuk tuna, apa kang digayuh tanpa ana kabul wusanane.
Pituduh 196
Dhasar premati tumraping wong duwe tekad lan duwe gegayuhan yaiku tekad budi santosa.
Sarana ndulu kacamata benggala kang kita alami
saben dina, teteg kawegigane pikir bae ora mujudake gaman pamungkas
tumrap kasembadaning sedya. Mula yen mung ngendelake marang punjuling
nalar lan moncering kawruh bae, tanpa mengkoni ing budi santosa, atine
gampang miyar-miyur, gampang kasinungan ing watak sesongaran sing
adhakane sing uwis-uwis banjur kacenthok pancabaya, ubayane banjur
mbalenjani.
Pituduh 197
Ora
ana tindak kang luwih dening mbebayani lan ndrawasi marang awake dhewe,
kejaba nindakake pegaweyan kanthi srempeng sing juntrunge mung ngoyak
derenge panguwasa, drajad lan bandha. Pakarti mangkono adate ora mempan
marang pitutur becik lan panemune liyan kang wigati, anane mung rasa
melik kang nggendhong lali.
Pituduh 198
Siji-sijining marga amrih kaleksanane gegayuhan iku ya kudu sarana makarti.
Yen kita mung kandheg marang ngunggar-unggar
karep lan nganggit-anggit gagasan bae, tibaning enggon mung kaya ing
pangimpen. Luwih-luwih menawa salagine nggagas-nggagas mau kaselak
kesusu ngrasakake kanikmatane pengangen-angen, wusana tumus dadi lumuh
ing gawe lan wedi ing pakewuh.
Pituduh 199
Ngakoni
kaluputan iku ora ateges ngasorake dhiri. Nanging sawijining tandha
yekti yen wong mau wis bisa kinaranan maju satindak ing laku kautaman.
Kosokbaline sapa kang suthik ngrumangsani kaluputane, ateges wong kang
ora nduweni budi pekerti. Wong kang ora nduweni donya brana iku sinebut
mlarat. Wóng kang ora nduweni pikiran iku luwih mlarat.
Dene wong sing ora kadunungan budi pekerti mono klebu mlarat-mlarate wong.
Pituduh 200
Kang
kok kandhakake putih iku durung karuwan putihing (sucining) ati, bisa
uga mung wujud putihing pupur sing kandel waratå. Lan sing kok
kandhakake abang iku durung tinamtu abanging (kekendelaning) bebener
nanging bisa uga mung abange lambe kang keconggah njlomprongake marang
jurang kang jero. Dene sing kok kandhakake resik, iku durung mesthi
resiking ati, nanging adate mung wujud resiking sandhangan rinengga ing
sotya abyor kang bisa mblerengake mripat.
Pituduh 201
Ngunggar
wetuning kekendelan sing mung kadereng saka dayaning pangojok-ojok iku
kerep ora murni. Tandang lan trajange kang akeh banjur mung kabrongot
panasbaran.
Wusanane malah sok bakal nunjang palang,
bebathene kosok balen karo kang sinedya. Mula minangka gegondhelane
kapitayan, kekendelan iku prayoga kadhasarana rasa sumungkem marang Kang
Murbeng Dumadi, niyat leladi marang sapepadhane titah. Yen wis mangkono
sakehing cak-cakane pakarti mesthi tansah patitis lan mikolehi.
Pituduh 202
Teteping
rasa kamanungsan iku ora marga saka kawruh lan kapinteran kang wis
dianggep luwíh luhur ing salumahe bumi, nanging mung jalar saka
kadunungan telesing rasa asih marang sapepadhaning tumitah. Dene rasa
asih mau cinipta saka patrap anggone reksa-rumeksa lan sugih ing
pangapura sarta tansah kinanthenan pangucap lan pasemon síng bisa gawe
resep lan ora natoni atining liyan. Kawruhana, menawa kapinteran kang
ora kinanthenan kautaman iku sejatine luwih mbebayani tumraping bebrayan
katimbang karo bodho kang linambaran ing budi rahayu.
Pituduh 203
Nglengkara
wong bisa luwar babar pisan saka panggodha. Sebab, sumbere panggodha
iku ora liya iya mung saka awake dhewe. Sing sapa mung nyingkiri
panggodha kang kasat mata bae, ora dibedhol tekan oyod-oyode, adhakane
bakal ketaman pakewuh lan godha kang luwih gedhe maneh. Sok ngonowa yen
wong tlaten lan sareh, kanthi kencenging tekad kang gilig, mesthi bakal
bisa mentas saka reridhu. Aja mung mandheg ing panggrantes, nutuh awake
dhewe, apa maneh yen nganti nguman-uman marang wong liya.
Pituduh 204
Yen
ing donya iki manungsane sing sugih uripe ora mbethithil, kepara malah
dhemen tetulung marang kang kecingkrangan, dene sing duwe kepinteran
adoh saka karep kanggo minteri liyan, kepara malah dadi papan jujugane
wong tetakon, genah kahanane donya bakal ayem tentrem, adoh saka reridhu
lan kalis saka godha rencana.
Pituduh 205
Wong
kang lagi karejeken aja kaduk anggone bungah, kosokbaline aja kaduk
nelangsa samangsane nemahi reribed lan nandhang susah, gedhene nganti
nggetuni barang kang wis kelakon. Awit kaduk bungah mau bakal ngilangi
kaprayitnan, kaduk susah njalari ati tansah kemba, lan tangeh lamun bisa
uwal yen ora dibudeni sarana tumandang makarya.
Pituduh 206
Yen
darbe karep lakonana kanthi gemblenging tekad kang nyawiji, adhepana
sarana makarti kang madhep lan mantep. Sangune kudu ati sing tatag, ora
ngedhap nadyan mangerti yen dalan kang diambah kebak parang curi. Yen
tansah rongeh lan rangu-rangu, ateges mung wani ing gampang, wedi ing
pakewuh, samubarang kang sinedya ora bakal ginayuh.
Pituduh 207
Manungsa
iku bisa kinaranan urip yen isih duwe karep lan pangarep-arep.Nanging
yen karep mau mung kandheg ing pangangen-angen lan gagasan bae, ora beda
manungsa kang mati sajrone urip. Kosokbaline yen anggone nandangi
karepe mau kaselak kesusu nikmati pikolehe kang durung klakon, genah
anggone makarti mung angger bae. Kepara bakal mundur yen ngadhepi
pakewuh, satemah dadi wong lumuh.
Pituduh 208
Wong
kang kebak dening pepinginan iku adate banjur ngangsa-angsa, mula
lakune uga banjur miyar-miyur. Kepengkok gawe sethithik bae sing
digedhekake pangresulane, tundhone atine gampang pepes lan nglokro. Beda
karo wong kang wicaksana uripe mesthi mawa tekad lan tujuwan. Bebasan
tiba kaping pitu gumregah tangi kaping wolu ngrungkebi tekad lan
tujuwane.
Pituduh 209
Angger
wong wis mesthi suthik diarani cupet nalare, cilik aten, lan kendho
tekade. Mulane yen darbe karep aja mundur merga luput sepisan pindho
bae, prayoga ambalana maneh nganti katekaning sedya. Samubarang
pegaweyan menawa kok temeni wiwit saiki mesthi bakal bisa ngundhuh
bageyan lan kauntungan. Apa kang kok sedya bakal tumeka, pituwase lagi
ketemu mburi.
Pituduh 210
Sarupane
pakaryan kang wis kok yakini beciking asile tumuli enggala katindakna,
aja ngenteni liya wektu. Jer kekencengan sarta kekarepan iku yen
diendhe-endhe ora mundhak kuwate.
Nanging malah mundhak ringkih lan bisa uga
ilang dayane. Sipat seneng ngendhe-endhe iku mujudake dalan kang anjog
marang watak ora antepan lan kesed, sungkan ing gawe sing tundhone dadi
tanpa aji urip ing bebrayan.
Pituduh 211
Wong
kang sinebut berbudi urip ing bebrayan iku ora mung wong kang rumangsa
kasiksa nyumurupi sapepadhane sing nandhang papa, nanging wong kang
gampang runtuh welase kang tinumbalan runtuhing barang darbeke lan
deduwene kanggo tetulung marang wong sing kacingkrangan lan kasangsaran.
Nanging kang kaya ngono mau pancen angel golek-golekane.
Tandha yektine ing alam donya iki ora sethithik wong sing mati marga kuwaregen, lan akeh wong sing mati marga kaliren.
Pituduh 212
Wong
mono aja mung tumandang angger bares nanging kanthi laku kang ora
beres. Dibisa tansah milah-milahake endi sing kenceng lan endi sing
nalisír saka paugeran, sarta kulinakna nyirik marang penggawe musyrik,
sinung marang watak tulus lan ngukuhi kajujuran.
Kawruhana, menawa ora ana pusaka kang ampuhe
ngluwihi kajujuraning ati lan weninging pikir kang sepi ing pamrih.
Pamrihe mung sawiji, yaiku mangan karahayoning bebrayan, ngluhurake
kamulyaning bangsa lan nagara.
Pituduh 213
Pangrasa,
pikiran lan kekarepan iku tansah mbudidaya rebut unggel lan rebut
panguwasa anggone murba sapari polahe manungsa. Pangrasa emoh diungkuli
pikiran.
Pikiran sêmono uga suwalike. Wondene kang
moncol dhewe sumedya mbalap ora gelem dipekak yaiku kekarepan. Mula
wajibing manungsa kudu bisa ngukuhi sifat manungsane.
Den sranani kanthi nanjakake uripe melu
ngrasakake lan memikir marang ombak umbuling jaman. Tumandang ing gawe
ngesthi marang rahayuning bebrayan munggahe marang ajuning jaman.
Pituduh 214
Selawase
urip nglengkara wong bisa uwal babar pisan saka panggodha, jer
panggodha iku sumbere ora liya ya saka awake dhewe. Asale tumuwuh saka
uwohing pikir kang ngayawara, banjur katarik marang kekarepan ala kang
wusanane mbabarake pakarti nistha.
Sapa kang wiwitane enggal tumandang nanggulangi
panggodha, bakal mundhak kasampurnane lan patut sinebut wong kang
santosa ing budi. Balik kang sapa tansah nguja panggoda semaya
nanggulangi, kekuwatan batine saya lungkrah, bakale bubrah dadi
leletheging jagad.
Pituduh 215
Wong nandur pari iku bakal ngundhuh pari, ora bakal ngundhuh jagung utawa kacang.
Semono uga pikiraning manungsa, ora beda karo
mau. Yen pikiran kita tansah kita kulinakake lan kita pigunakake kang
becik-becik ya bakal nduweni daya kekuwatan kang becik, satemah bisa
aweh pakaryan kang pengaji tumraping bebrayan. Mula katimbang nggagas
kang ora-ora lan ngayawara, prayogane nggagasa marang laku utama lan
mulya. Lan luwih utama maneh menawa gagasan kang mangkono mau
diwedharake dadi pakarti pisan.
Pituduh 216
Rasa
was sumelang iku nerakane wong sing arep nggayuh kemajuan. Sapa kang
wis ketaman rasa iki salawase ora bakal bisa maju. Ing sabarang tandang
tanduke sarwa tidha-tidha lan tansah awang-awangen ngadhepi kangelan
kang bakal memalangi laku. Kosokbaline tekad iku rasa ciptaning karsa
kang wis gembleng. Dadi yen ana kepenak lan orane bakal didhadhagi lan
diterjang wani. Kang pinandeng mung bakal tekaning sedya. Nanging tekad
mono beda banget karo nekad, jer nekad kuwi uwohing pakarti kang tuwuh
saka kajudheganing nalar sing tundhone keconggah tumindak nistha, merga
koncadan pepadhang.
Pituduh 217
Aboting
abot iku ora kaya yen kudu nuruti prentah lan pitutur. Pait lan
ngrekasa dikaya ngapa prentah lan pitutur iku prayoga lakonana bae. lng
suwalike barang pait mau, kowe mesthi bakal nemu barang legi sing ora
klebu ing petunganmu. Pancen luwih prayoga paite dhisík, tinimbang
legine. Awit bisane kowe ngrasakake legi iku rak marga kowe wis
ngrasakake pait. Bisa nikmati kabungahan marga wis nate ngalami nandhang
kasusahan.
Pituduh 218
Wong
kang mung dhemen celathu lan muni-muni, mangka ora gelem tumandang
gawe, genah ora sumurup marang kaluputane celatune, sabab celathu mono
mung obahing ati kang ana ing lati, dudu obahing tangan sing kanggo
tumandang. Nanging yen wis tumandang gawe dhewe, cetha bakal meruhi
marang luputing celathune. Mula saiba begjane wong kang bisa celathu
klawan enggal-enggal tumandang gawe dhewe.
MEMAYU HAYUNING BEBRAYAN
Pituduh 219
Síng sapa ngidham kaluhuran kudu wani kurban lan ora wegah ing kangelan.
Merga yèn tansah tidha-tidha, mokal apa sing
kagayuh bisa digantha lan tangeh lamun apa sing diluru bisa ketemu.
Makarti wani rekasa kanthi masrahake urip lan jiwa raga marang Kang
Murbeng Kuwasa. Yen kepingin menang pancen larang patukone, yaiku kudu
bisa nuhoni sesanti: “Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti”.
Pituduh 220
Isih beja yen kowe diunekake “Ora Lumrah Uwong”, jalaran isih dianggep manungsa.
Ya mung solah tingkahmu kang kudu kok owahi amrih ora gawe seriking liyan.
Cilakane yen diunekake “Ora Lumrah Manungsa”,
jalaran kowe dianggep setan gentayangan sing mung dadi leletheging jagad
marga pakartimu kang ninggal sifat kamanungsan.
Mula enggal-enggala sumujuda marang Gusti Kang
Murbeng Dumadi. Sifate Gusti Allah mono sarwa welas asih marang umate
kang wis sadhar marang dosa-dosane sarta temen-temen bali tuhu marang
dhawuh-dhawuhe.
Pituduh 221
Ora
ana penggawe luwih dening mulya kejaba dedana sing uga ateges mbiyantu
nyampeti kekuranganing kabutuhane liyan. Dedana marang sapepadha iku
ateges uga mitulungi awake dhewe nglelantih marang rasa lila legawa kang
uga ateges angabekti marang Pangeran Kang Maha Wikan. Pancen pangabekti
mono wis aran pasrah, dadi kita ora ngajab marang baline sumbangsih
kang kita asungake. Kabeh iku sing kagungan mung Pangeran Kang Maha
Kuwasa, kita ora wenang ngajab wohing pangabekti kanggo kita dhewe.
Nindakake kabecikan kanthi dedana kita pancen wajíb, nanging ngundhuh
wohing kautaman kita ora wenang.
Pituduh 222
Memitran
paseduluran nganti jejodhowan kuwi yen siji lan sijine bisa
emong-kinemong, istingarah bisa sempulur becik. Yen ana padudon sepisan
pindho iku wis aran lumrah, bisa nambahi raketing sesambungan. Nanging
suwalike yen padha angel ngenggoni sifat emong-kinemong mau genah langka
langgenge, malah bedaning panemu sithik bae bisa marakake dhahuru.
Pituduh 223
Wong
kang ora nate nandhang prihatin ora bakal kasinungan rasa pangrasa kang
njalari tekane rasa trenyuh lan welas lahir batine. Wong kang wis nate
ketaman ing prihatin luwih bisa ngrasakake penandhange wong liya. Mula
adhakane luwih gelem aweh pitulungan marang kang kasusahan.
Pituduh 224
Sarupaning
wewadi sing ala lan sing becik, yen isih kok gembol lan mbok keket
kanthi remit ing ati salawase isih bakal tetep dadi batur. Nanging yen
wis mbok ketokake sathithik bae bakal dadi bendaramu. Isih lagi nyimpen
wewadine dhewe bae wis abot. Apa maneh yen nganti pinarcaya nggegem
wewadine liyan. Mula saka iku aja sok dhemen kepingin meruhi wewadine
liyan.
Sing wis cetha mung bakal nambahi sanggan sing sejatine dudu wajibmu melu open-open.
Pituduh 225
Sok
sapaa bakal nduweni rasa kurmat marang wong kang tansah katon bingar
lan padhang polatane, nadyan ta wong mau nembe bae nandhang susah utawa
nemoni pepalang ing panguripane. Kosokbaline, wong kang tansah katon
suntrut kerep nggrundel lan grenengan merga ora katekan sedyane iku
cetha bakal koncatan kekuwataning batin lan tenagane, tangeh lamun
entuka pitulungan, kepara malah dadi sesirikaning mitra karuhe.
Pituduh 226
Kita
iki diparingi cangkem siji lan kuping loro dening Kang Maha Kuwasa,
lire mengku karep amrih kita iki kudu luwih akeh ngrungokake katimbang
micara. Yektine wong kang dhemen ngumbar cangkeme tinimbang kupinge iku
adate wicarane gabug. Suwalike sing akeh ngrungokake, wicarane sethithik
nanging patitis lan mentes. Pantes dadi jujugane sadhengah wong kang
mbutuhake rembug kang prayoga.
Pituduh 227
Wong
kang tansah dhemen nguping kepingin weruh, apadene nyampuri perkarane
liyan, gedhene nganti nrambul urun ucap, iku padha karo golek-golek
momotan kang sejatine ora prelu, adhakane kepara malah ngreridhu awake
dhewe.
Pituduh 228
Ucap sakecap kang kelair tanpa pinikir kerep bae nuwuhake dredah lan bilahi.
Mula wetune tembung satembung saka lesan iku
prayoga tan udinen aja nganti nggepok prekarane wong liya, gedhene
nganti gawe seriking liyan. Bisa nyandhet ucule pangucap kaya mangkono
mau wis klebu ewoning pakarti kang utama. Nanging geneya kok ora saben
wong bisa nglakoni ?
Pituduh 229
Wong
iku yen wis kasokan kabecikan lan rumangsa kapotangan budi, ing
sakehing pakartine lumrahe banjur ora kenceng lan resik. Mulane tangeh
lamun yen bisa njaga jejeging adil, awit lesane kasumpetan, mripate
bereng, kupinge budheg. Atine dadi mati, angel weruh ing bebener.
Mula saka iku aja gumampang nampa kabecikane liyan, samangsa tujuwane ngarah marang penggawe kang nalisír saka bebener.
Pituduh 230
Aja
kaselak kesusu nyepelekake liyan, marga kok anggep wong mau bodho. Awit
ana kalamangsane kowe mbutuhake rembug lan pituture wong iku, sing
kanyatane bisa mbengkas lan nguwalake saka karuwetanmu. Pancen ing
sawijine bab wong bisa kaaran bodho, nanging ing babagan liya tangeh
lamun yen kowe bisa nandhingi.
Pituduh 231
Yen micara aja gumampang nelakake penacad utawa pangalem, luwih- luwih nganti memaoni.
Awit wicaramu durung karuwan bener. Sing mesthi panacad mau gawe serik,
pangaleme nuwuhake wisa, dene waonane ora digugu, kabeh swara ala. Mula
kang prayoga iku mung meneng, jalaran meneng iku yektine pancen
mustikaning ngaurip.
Pituduh 232
Udinen
ing alam donya iki aja ana wong kang kok sengiti, supaya ora ana wong
sengit marang kowe, balik sabisa-bisa padha tresnanana. Amarga lelakon
ing alam donya iki anane mung wales-winales bae. Dene yen kepeksa kowe
sengit marang sawijining wong, mangka kowe ora bisa mbuwang sengitmu,
gawenen wadi aja ana wong kang ngerti. Yen kowe ngandhakake sengitmu
marang liyan, prasasat kowe mamèeake alane atimu.
Pituduh 233
Ajining
dhiri ana ing lati. Ajining raga ana ing busana. Mula den ngati-ati ing
pangucapmu, semono uga anggónmu ngadi busana kang bisa mapanake dhiri.
Pituduh 234
Wong pinter kang isih gelem njaluk rembuging liyan iku dianggep manungsa utuh.
Sapa sing rumangsa pinter banjur suthik njaluk rembuging liyan kuwi manungsa setengah wutuh.
Lan sing sapa ora gelem njaluk rembuging liyan, iku bisa kinaranan babar pisan durung manungsa.
Pituduh 235
Yen
atimu wis gilig arep gawe kabecikan kanggo karaharjaning bebrayan,
beraten rasa uwas marang pandakwa ala kang ora nyata. Srananana kanthi
jembaring dhadha lan sabaring nala, amrih bisa nuwuhake gedhening
prabawa lan cabaring sakehing piala.
Pituduh 236
Wicara
kang wetune kanthi tinata runtut kang awujud sesuluh kang amot piwulang
becik, ajine pancen ngungkuli mas picis rajabrana, bisa nggugah budi
lan nguripake pikir. Nanging kawuningana yen grengsenging pikir lan
uriping jiwa iku ora bisa yen mung kagugah sarana wicara bae. Kang
wigati yaiku wicara kang mawa tandang minangka tuludha.
Jer tuladha mono sing bisa nuwuhake kapitayan. Luwih-luwih mungguhing
para manggalaning praja kang wis pinracsys ngembani nusa lan bangsa.
Pituduh 237
Luwih
becik ngasorake raga tinimbangane ngongasake kapinteran kang sejatine
isih nguciwani banget. Ngongasake kapinteran iku satemene mung kanggo
nutupi kabodhowane, jer kabeh mau merga rasa samar lan was sumelang yen
ta kungkulan dening sapepadhane. Tindak mangkono mau malah dadi
sawijining godha kang mung bakal ngrerendheti lakuning kemajuwane dhewe
ing jagading bebrayan.
Pituduh 238
Sapa
wonge sing ora seneng yen entuk pangalembana. Nanging thukuling
pangalembana iku ora gampang. Kudu disranani kanthi pakarti kang becek
lan murakabi marang wong akeh.
Yen mung disranani bandha, pangalembanane mung kandheg ing lambe bae ora tumus ing ati.
Dene yen disranani penggawe kang lelamisan, ing pamburine malah bakal
kasingkang-singkang kasingkirake saka jagading pasrawungan.
Pituduh 239
Geneya
akeh wong kang dhemen nyatur alaning liyan lan ngalembana awake dhewe?
Sebabe ora liya marge wong-wong sing kaya ngono mau ora ngerti yen
penggawe mau klebu pakarti kang ora prayoga, mula prelu dingertekake.
Awit yen ora enggal-enggal nyingkiri pakarti kang ora becek mau,
wusanane dheweke kang bakal diemohi dening pasrawungan.
Pituduh 240
Nggayuh
kaluhuran lire ngupaya tataraning urip kang luwih dhuwur. Dhuwur lair
lan batine, ya tumrap dhiri pribadine uga sumrambah kanggo karaharjaning
bebrayan. Nanging yen kandheg salah siji, tegese gothang. Yen mung
nengenake kaluhuraning lair genah mung ngoyak drajat lan semat, isih
miyar-miyur gampang kene pangaribawa saka njaba. Yen ngemungake
kaluhuraning batin, cetha ora nuhoni jejering manungsa, awit ora
tumandang ing gawe kanggo keperluwaning bebrayan. Ateges tanpa guna
diparingi urip ing alam donya.
Pituduh 241
Sing
sapa rumangsa nduweni kaluputan, aja isin ngowahi kaluputan sing wis
kadhung katindakake mau. Jer ngakoni kaluputan mono wis cetha dudu
tindak kang asor, nanging malah nuduhake marang pakarti kang utama kang
ora gampang linakonan dening sadhengah wong.
Iya wong kang wis bisa nduweni watak gelem ngakoni kaluputane mangkene
iki pantes sinebut wong kang jujur sarta kasinungan ing budi luhur.
Pituduh 242
Manungsa
urip iku dibisa nguwasani kamardikaning lair lan batin. Kang dikarepake
kamardikaning lair iku wujude bisa nyukupi kabutuhaning urip ing saben
dinane saka wetuning kringet lan wohing kangelan dhewe ora gumanung ing
wong liya lan ora dadi sangganing liyan.
Dene kamardikaning batin iku dicakake sarana nyingkiri hawa napsu, adoh
saka asor lan nisthaning pambudi, sepi ing rasa melik lan drengki srei,
sarta tuhu marang paugeran urip bebrayan.
Pituduh 243
Ora
ana wong kang ingaranan uríp, kejabane kang mikir sarta tresna marang
wong kang ringkíh lan nandhang papa cintraka. Bisa melu ngrasakake
kasusahane sarta lara lapane wong liya.
Kanthi pangrasa kang mangkono mau ateges bisa nggadhuh kekuwatan kang
tanpa wates, perlu kanggo mitulungi sapadha-padha kang kahanane luwih
nrenyuhake katimbang dhiri pribadine. “Pakarti mono darbek kita dhêwe,
nanging wohe pakarti mau dadi kagungane Kang Gawê Urip”, mangkono
sabdane sawijine Pujangga kaloka.
Pituduh 244
Wong
kang baut mawas dhiri iku wong kang bisa manjing ajur ajer, ngerti
empan papan laras karo reh swasana sakupenge tanpa ninggalake subasita.
Paribasane wong kang baut ngadisarira, aja mung kalimput edining busana
bae, nanging bisowa tansah mersudi marang padhanging semu lan manising
wicara tanpa nglirwakake marang alus lan luwesing solah bawa.
Pituduh 245
Kecandhaking
sawijining idham-idhaman iku ora cukup mung dibandang moncer lan
pepaking ilmu lan kawruh bae. Nangíng ana syarat siji kang ora kena
kalirwakak, yaiku kapinteran ing bab sesrawungan. Sapa kang bisa
tumindak ajur-ajer lan bisa nuwuhake rasa resep marang liyan, prasasat
wis entuk pawitan kanggo nandangi sakehing pagaweyan apadene nggayuh
idham-idhamane.
Pituduh 246
Nindakake
kabecikan mono ora mesthi kudu cucul wragad, nanging bisa ditindakake
sarana pakarti-pakarti liyane sing sejatine akeh banget carane. Sauger
bisa gawe senenging liyan, upamane bae mawa ulat sumeh tangkep srawung
kang sumanak, bisa manjing ajur-ajer ing madyaning bebrayan, lan bisa
dadi patuladhan laku utama. Kabeh mau klebu ewoning tindak kabecikan
kang ajine ngleluwihi wragad dedana kang diwenehake utawa dipotangake,
apamaneh lamun anggone menehi utawa ngutangi iku sinamudana kebak
pamrih.
Pituduh 247
Yen
kowe arep rembugan, pikiren luwih dhisik tetembungan sing arep kok
wetokake. Apa wis ngenggoni telung prekara : bener manís, migunani. Ewa
semono sing bener iku isih perlu dithinthingi maneh yen gawe gendrane
liyan prayoga wurungna. Dene tembung manis mono ora duwe pamrih, pamrihe
bisa gawe senenge liyan kang tundhone migunani tumrape jagadíng
bebrayan.
Pituduh 248
Sugih
omong kanggo nggayengake pasamuwan pancen apik. Nanging ngomong mung
golek suwure awake dhewe sok ketrucut miyak wewadine dhewe. Pira bae
cacahe wang kang kepleset uripe múug marga suka anggonesugih omong. Mula
sabecik-becike wong iku ora kaya wong kang meneng. Nangíig menenge wong
kang darbe bobot kang anteb síng bisa dadi panjujugane para pawongan
kang mbutuhake rembug lan pituduh.
Pituduh 249
Ing
jagading sesrawungan mono nyirík marang sesipatan kang gumedhe lan
wewatakan kang tansah ngegungake dhiri. Sipat lan wewatakan mau adhakane
banjur nuwuhake rasa ora lila yen nyipati ana liyan síng luwih
katimbang dheweke. Mula saiba becike samangsa sapa kang rumangsa pinter
dhewe, sugih dhewe, lan kuwasa dhewe iku gelema nglaras dhiri lan
ngleremake cíptane kang wening, yen sejatine isíh ana maneh kang Maha
Pinter, Maha Sugih, lan Maha Luhur. Klawan mangkono rasa pangrasa dumeh
lan takabur kang dadi sandhungan pasrawungan bisa sumingkír.
Pituduh 250
Luwih
becik makarti tanpa sabawa kang anjog marang karahayoning bebrayan,
katimbang tumindake wong kang rekane nindakake panggawe luhur nangíng
disambi udur.
Yektine tata tentrem iku ora bakal bisa kagayuh yen ta ora adhedhasar
kerukunan, dene kerukunan iku mung bisa kecandhak yen siji lan sijine
padha bisa aji-ingajenan lan mong-kinemong.
Pituduh 251
Yen
kepengin diajeni liyan, mula aja sok dhemen martak-martakake, apa maneh
nganti mamerake kabisan lan kaluwihanmu. Pangaji-ajining liyan iku
sejatine ora perlu mbok buru, bakal teka dhrwr. Nuduhake kewasisan
pancen kudu bisa milih papan lan empan.
Mula kang prayoga kepara purihen aja kongsi wong liya bisa njajagi.
Nangíng mangsa kalane ngadhepi gawe parigawe keconggah mrantasi.
Pituduh 252
Aja
sok ngluputake, gedhene ngundhat-undhat wong liya, samangsa kita ora
katekan apa kang dadi kekarepan kita. Becike kita tliti lan kita goleki
sebab-sebab ing badan kita dhewe, amrih kita bisa uwal saka dayaning
pangira-ira kang ora prayoga. Kawruhana, yen usadane watak apes sing
njalari nganti ora katekan sedya kita iku, ora ana liya, ya dumunung ana
ing awak kita dhewe.
Pitudh 253
Arang
wong sing bisa mapanake rasa narima marang apa bae kang wis klakon
digayuh. Yen rumangsa kurang isíh golek wuwuh, yen wis oleh banjur golek
luwih, yen wis luwih tumuli mbudidaya aja ana wong síng bisa madhani.
Wong kang duwe rasa mangkono mau satemene memelas. Uripe tansah
ngangsa-angsa, ora nate sumeleh atine. Kanggo nuruti rasa kang kleru
kasebut sok-sok banjur tumindak ora samesthine lan nalisir saka pakarti
kang bener.
Pituduh 254
Watak
narima mono yekti dadi sihing Pangeran, nanging yenta nganti kleru ing
panyurasa bisa nuwuhake kleruning tumindak. Narima, lire ora
ngangsa-angsa nanging ora kurang weweka lan tansah mbudidaya amrih
katekaning sedya, dudu ateges kebacut lumuh ing gawe, suthik ihtiyar.
Awit yen mangkono ora jeneng narima, naging keset. Jer wataking wong
keset iku mung gelem enake emoh rekasane, gelem ngemplok suthik tombok,
satemah dadi wong ora weruh ing wirang, siningkirake saka jagading
bebrayan.
Pituduh 255
Wong
urip ing alam bebrayan iku yekti angel, kudu bisa ngereh pakone “si
aku”, aja nggugu karepe dhewe lan nuruti hawa napsu. Luwih-luwih ing
dina samengko, alam bebrayan donya tansah kebak pradhondhi, silih
ungkih, rebutan benere dhewe-dhewe. Mula sing baku, wong urip kudu bisa
miyak aling-aling kang nutupi pikiran kang wening. Lire, senajana
sajroning pasulayan, kudu bisa nyandhet kemrungsung “si aku” istingarah
sakehing bedane panemu bisa disawijekake.
Pituduh 256
Wong
kang nduweni watak tansah njaluk benere dhewe iku adate banjur
kathukulan bendana seneng nenacad lan ngluputake marang panemu sarta
tindak tanduke wong liya. Mendah becike yen wong sing kaya mangkono mau
kala-kala gelem nggraita ing njero batine : “mbok menawa aku síng kleru,
mula coba dak tlitine klawan adil sapa kang sejatine nyata-nyata
bener”.
Pituduh 257
Reseping
omah iku ora dumunung ing barang-barang mewah kang larang regane,
nanging gumantung marang panataning prabot kang prasaja, sarta pemasange
rerenggan kang adoh saka watak pamer. Semono uga reseping saliraiku ora
marga saka pacakan kang edi-peni, nanging gumantung ing sandhang
penganggo kang prasaja, trapsila solah bawa, lan padhanging polatan.
Pituduh 258
Yen
kowe kepener lagi srengen lan nesu, prayogane wong sing kok nesoni lan
kok srengeni mau kongkonen enggal sumingkir. Utawa kowe dhewe sumingkira
sauntara, aja tetemonan karo wong liya. Sabanjure menenga lan
etung-etunga kanthi sareh wiwit siji tekan sepuluh.
Klawan mengkono atimu bakal bisa nimbang-nimbang apa nesu lan srengenmu
marang wong mau bener, apa malah dudu kowe dhewe sing luput.
Pituduh 259
Jeneng
tanpa guna uriping manungsa kang nganti ora bisa nyumurupi marang kang
kedadeyan ing sakiwa tengene. Ora bisa asung lelimbangan lan pamrayoga
sakadhare kanggo karahayoning bebrayan. Rupak pandelenge ora ana liya
kang disumurupi kajaba uripe dhewe. Mati pangrasane, jalaran ora kulina
kanggo ngrasak-ngrasakake kang katon ing saben dinane, wusana dadi
cethek budine, jalaran saka kalepyan marang tepa palupi kang maedahi ing
uripe.
Pituduh 260
Aja
sok nyenyamah luputing liyan, luwih becik tuduhna kaluputane kang malah
bisa ngrumaketake rasa paseduluran. Éwasemono aja nganti kowe kesusu
mbecíkake kelakuwane liyan, yen awakmu dhewe rumangsa durung bisa
ngenggoni rasa sabar lan tepa selira.
Sapa kang wis ngerti lan ngrumangsani marang sakehing dosane, iku
sawijiníng wong kang wis ngerti marang jejering kamanungsane, manungsa
kang utama.
Pituduh 261
Ajining
manungsa iku kapurba ing pakartine dhewe, ora kagawa saka katurunan,
kapinteran, lan kasugihane. Nanging gumantung saka enggone nanjakake
kapinteran lan kasugihane, sarta matrapake wewatekane kanggo keperluan
bebrayan. Kabeh mau yen mung katanjakake kanggo kaperluwane dhewe, tanpa
paedah. Nanging yen pakarti mau kadayan deníng rasa pepinginan golek
suwur, golek pangkat lan donya brana, malah bisa dadi memalaning
bebrayan, jalaran nyinamudana sarana nylamur migunakake jenenge wong
akeh.
Pituduh 262
Ora ana budi kang luwih luhur saliyane nduweni rasa asih marang nusa lan bangsane.
Kadunungan rasa rumangsa nduweni sesanggeman lan kuwajiban mranata
tentreming praja kanthi pawitan kapinteran kang dilandhesi
kawicaksananing pambudi. Tandha yetineyen asih, yaiku tansah samapta
tumandang sawayah-wayah yen ana parigawe kang wigati kanggo warga
sapadha-padha, munggahe tansah samapta leladi kanggo keslametaning
bebrayan lan karaharjaning nagara.
Pituduh 263
Wong
kang kerep tansah dipituturi wong liya iku adate bisa dadi wong dhemen
ngati-ati, nanging menawa kapengkok ing perlu sok ora bisa tumindak lan
ngrampungi dhewe.
Kepeksa isih kudu noleh wong liya sing diwawas bisa aweh pituduh. Mula
kuwi prayoga ngawulaa marang ati lan kekuwatanmu dhewe, jalaran wong
liya iku sejatine yen ana apa-apane mung saderma nyawang, ora melu
ngrasakake.
Pituduh 264
Wong
kang rumangsa dhirine linuwih, ing sawijining wektu mesthi bakal
kasurung atine arep mamerake kaluwihane, lire amrih dimangertenana
dening wong akeh yen dheweke mono wong kang pinunjul lan supaya
diajanana. Sumurupa, sakabehing kaluwihan mau yen ora dicakake mawa
lelabuhan kang murakabi marang bebrayan, tanpa guna kepara malah ora
kajen lan gawe pituna. Mula kang prayoga bisa tulus dadi wong kang
linuwih menawa gebyaring kaluwihan iku mung dikatonake marang batine
dhewe, iku wis cukup.
Pituduh 265
Dedana
utawa sedhekah marang wong kang lagi nyandhang papa cintraka iku
sawijining penggawe becik kang patut tinuladha, sauger paweweh mau ora
kinanthenan panggrundel kang nelakake ora eklasing atine. Tetembungan
kang lembah ing manah lan merak ati iku luwih gedhe ajine katimbang
dedene kang ora eklas. Suprandene nulung lan menehi pepadhang marang
jiwane wong kangkacingkrangan iku kang sejatine luwih perlu lan wigati,
katimbang mung tetulung marang awake kang awujud kelairan bae.
Pituduh 266
Ulat
sumeh, tindak-tanduk sareh kinanthenan tembung aris iku bisa
ngruntuhake ati sarta ngedohake panggodhaning setan. Kosokbaline watak
wicara kang keras, kejaba keduga gawe tangining kanepson, uga gampang
nuwuhake salah panampa. Sabarang prakara kang sejatine bisa putus sarana
aris lan sareh, kepeksa dadi adu wuleding kulit lan atosing balung,
kari si setan ngguyu ngakak bungah-bungah.
Pituduh 267
Wong
kang kulina urip mubra-mubru iku samangsane ngalami sandhungan urip
sethithik bae adate gampang kethukulan gagasan lan gawe kang cengkah
karo bebener, luwih begja wong kang uripe pokal samadya nanging resik
atine. Dene begja-begjane wong iku ora kaya wong sing tansah urip ing
kahanan kang kebak godha rencana, prasasat tapa ana satengahing coba,
nanging tansah tawekal lan kandel keimanane marang adiling Pangeran Kang
Maha Kuwasa.
Pituduh 268
Sipate
wong urip iku mesthi kesinungan kekuwatan. Kang ngerti bisa ngecakake
dene kang ora bisa ngerti kurang digladhi, temahan ora tumanja.
Ewasemono ngempakake kekuwatan mula ora gampang. Buktine ora sethithik
kekuwatan kang empane ora mapan. Kawruhana, yen rusake bebrayan ing
antarane marga saka pakartine para-para kang ngerti marang dayaning
kekuwatane nangíng ora kanggo nggayuh gegayuhan kang mulya, mung kanggo
nuruti derenging ati angkara.
Pitudh 269
Katresnan
kang tanpa pangreksa iku dudu sejatining katresnan. Kena diarani
sejatining katresnan kang mung kadereng lan kena ing pangaribawaning
hawa napsu. Dadi yen ana unen-unen ” tresna iku wuta” yaiku síng
kaprabawan hawa napsu. Sing prayoga iku mesthine kudu ngugemi unen-unen
“tresna iku rumeksa” bisa salaras tumindake. Rasaning katresnan kang
cedhak dhewe tumrap sadhengah manungsa iku dumunung ing awake dhewe.
Mula sapa kang tresna marang sapadha-padha iku aran tresna marang awake
dhewe, tundhone sapa kang tansah ngreksa marang karahayoning liyan, ora
beda karo pangreksa marang keslametane dhewe.
Pituduh 270
Srawung
ing madyaning bebrayan iku kejaba kudu wasis milíh papan lan empan, uga
kudu bisa angon mangsa lan mulat ing semu. Aja nggegampang ngrojongi
rembug kang kowe dhewe durung ngreti prakarane. Rembug sethithik nanging
mranani iku nuduhake boboting pribadi.
Rembug akeh nanging ampang malah gawe sangga runggine sing padha ngrugokake kepara njuwarehi.
Pituduh 271
Wong
kang wis tekan pesthine utawa wis katimbalan bali menyang jaman
kelanggengan iku sejatine lagi kena diwenehi biji tumrap ajine
kamanungsane lan pakartine nalika urip. Dene wong kang isih padha urip
iku perlu disemak bae dhisik, durung kena dipatrapi biji, jer kahanane
isih bisa owah gingsir. Sarehne manungsa iki sawijining titah kang luhur
dhewe, mula wis samesthine yen kita aja nganti kayadene sato kang
patine mung ninggal tenger lulang lan balung bae. Nanging bisowa kita
nanjakake urip kita marang pakarti-pakarti utama, sumrambahe marang
karahayoning urip bebrayan.
Pituduh 272
Mustikane
wong tuwa marang anak mung ana ing laku kang gumati, gunem kang ruruh,
lan ujar kang manis. Gumatine dumunung ing tepa tuladhaning tingkah
laku. Gunem lan ujar kawengku ana ing ucap kang istingarah numusi
kajiwan, lan luhuring budi pekerti. Mula yen ana apa-apa, aja selak
marang sebuting paribasan : “Ora ana kacang ninggal lanjaran”.
Pituduh 273
Nanggapi
kahanan urip ing satengahing bebrayan iku gampang angel. Aran angel
kepara malah bisa gawe ketliwenging pikir samangsa anggon kita mawas
kedhisikan kagubel ing hawa.
Aran gampang yen kita bisa mikir klawan wening lan meneb. Iya pamikir
kang meneb iku kang aran akal budi sejati. Kang bisa mbabarake wohing
wawasan kang mulus resik, ora kacampuran blentonge “si aku”. Apamaneh
yen ta kita bisa tetep nguwasani weninging pikir, nadyan kahanane urip
ing satengahing bebrayan kisruha dikayangapa, istingarah ora angel
anggon kita nanggapi.
Pituduh 274
Srengen
marang wong mono aja nganti kenemenen lan keliwat-liwat mung marga wis
ngerti yen wong mau ora bakal wani nglawan utawa wis ora bisa nglawan,
sing estine mung arep ngedír-edirake drajad pangkat utawa kadibyane bae.
Pakarti kaya ngono mau kejaba klebu ambeg siya, uga wong sing
disrengeni durung karuwan bakal dadi becik, kepara bisa nuwuhake rasa
sengit.
Kang prayoga iku srengen samadya kang mengku pitutur murih becike.
Pituduh 275
Wong
pinter kang ora kinanthenan ing kautaman iku ora beda karo wong wuta
kang nggawa obor ing wayah bengi. Madhangi wong liya nanging dheweke
dhewe lakune kesasar-sasar.
Kapinteran mangkene iki yen ta dicakake ing madyaning bebrayan bakal
nuwuhake kapitunan, pikolehe malah mung wujud kasangsaran lan karusakan.
http://alangalangkumitir.wordpress.com/